Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 070 (Mysteries of Resurrection)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 6 - Gusti Yésus Mlebu Yérusalém Lan Pakaryané Kang Pungkasan (Markus 10:46 - 12:44)

8. Wadi kang Ana Sambung Rapete karo Patangen (Markus 12:18-27)


MARKUS 12:18-27
18 Tumuli ana wong Saduki sawatara kang sowan ing ngarsané, yaiku kang duwé panemu, yén patangen saka ing antarané wong mati iku ora ana; iku padha matur pitakon: 19 “Guru, Nabi Musa sampun maringi dhawuh dhateng kula sadaya: Manawi wonten tiyang ingkang gadhah sadhérék jaler tilar donya, nilar semah boten tilar anak, punika sadhérékipun wau kedah ningkah ingkang estri, supados saged gadhah turun kanggé sadhérékipun ingkang tilar wau. 20 Kalampahan wonten sadhérék jalare pitu; ingkang kapisan emah-emah, nanging tilar donya boten tilar anak. 21 Ingkang estri lajeng dipun ningkah déning sadhérékipun ingkang angka kalih, lan ugi tilar donya boten tilar anak. Makaten ugi ingkang angka tiga. 22 Makaten ing salejengipun, pitu-pitunipun sami boten tilar anak. Wasana sapengkeripun sadaya punika, tiyang estri wau inggih lajeng pejah. 23 Benjing dinten patangen, manawi tiyang-tiyang wau sami tangi, sinten ingkang dados semahipun tiyang estri punika? Amargi pitu-pitunipun sampun sami dados semahipun.” 24 Banjur padha diparingi wangsulan: “Kowe iku padha kesasar, iku amarga kowe ora padha ngreti marang Kitab Suci lan marang panguwasané Gusti Allah. 25 Awit manawa wong wis tangi saka ing antarané wong mati, iku ora omah-omah utawa ora diomah-omahaké, nanging uripe kaya malaékat ing swarga. 26 Lan uga bab tangine wong mati, apa kowe ora maca ing kitab Musa, bab grumbul eri, anggone Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa: Ingsun iki Allahe Abraham, Allahe Ishak, lan Allahe Yakub? 27 Panjenengané iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip. Kesasar banget kowe iku!”

Wong-wong Saduki lan balané iku para ahli agama lan uga wong kang duwé kawruh kang ora nindakaké Pangandikané Allah, ora pracaya marang wahyu, jagating roh, tangine wong mati, utawa ana urip sawuse mati. Wong-wong iki mung ngendelaké akale, kang mung pracaya marang prekara-prekara kang bisa dinalar déning wong-wong mau. Wong-wong mau kulina mbuktekaké anggone ora pracaya nganggo filsafat kanthi kasengkuyung conto-conto kang wong-wong mau aturake. Yaiku babagan wong wadon kang rabi karo wong lanang pitu, banjur wong-wong mau nyuwun pirsa, mengko ing suwarga, wong wadon iku dadi bojone saka lanang sing endi?

Sang Kristus ngadhepi prekara iki banjur nyethakaké bab kang dadi sari penyakite wong-wong mau. Panjenengané mbongkar lelamisané wong-wong mau, lan uga mbongkar anggone nyenyamah marang kawicaksanan pangandikan Allah, awit sinadyana wong-wong mau pinter banget, wong-wong mau wuta gegayutan urip langgeng Allah, lan ora duwé pengalaman apa apa gegayutan karo panguwasa kasuwargan. Ilmu pengetahuan ora mratélakaké marang kita wadi babagan kawruh lan panguwasa Allah. Mung iman waé kang nampa pratéla kang bener.

Gusti Yésus bener-bener kersa neguhaké lan mbuktekaké kayektén kang pokok gegayutan karo patangen saka pati marang wong-wong kang mangu-mangu lan kang ora gelem ngakoni babagan patangene wong mati. Panjenengané njlentrehaké marang wong-wong mau yén ing suwarga ora ana getih lan daging. Ana kana ora ana wong lanang lan ora ana wong wadon, awit hawa nepsu kang asipat daging ora ana maneh ing kana. Wong-wong kang pracaya marang Sang Kristus bakal dirubah dadi kaya malaikat ing sajroné kaluhuran lan mencorong, awit Sang Roh Allah piyambak kang bakal manunggal marang wong-wong pracaya, ing sajroné anggone andhap asor ing jaman saiki lan ing sajroné pratéla sawutuhé kamulyan ing titimangsané mbesuk. Nanging, kabéh kang ngrungokaké lan anut apus-apus saka iblis, lan kang sengit marang wong-wong liya kanthi kebak gumunggung, bakal dadi kaya malaikat ala, kalimputan pepeteng, rasa wedi, lan geter, awit roh saka bapaké tukang apus-apus iku manunggal ing wong-wong mau (Markus 25:41).

Gusti Yésus mbuktekaké marang wong-wng kang arep nyengkolong Panjenengané babagan kayektén gegayutan pengalaman nabi Musa ing ara-ara samun, ing kana Kang Maha Suci mratélakaké sarirané minangka jejeré Allah saka leluhur bangsa Israel. Kaya ngapa agunge sih rahmat lan kasetyan kang bisa kita semak ing sajroné asma Allah! Panjenengané ngrawuhi manungsa kang gampang rusak, kebak dosa, lan ringkih, banjur mbeneraké manungsa, lan nganakaké prejanjian karo manungsa mau nganti salawasé. Awit imané, Panjenengané maringi urip marang manungsa, lan manungsa nglakoni patangen kunjuk Allah kang gesang. Malah, rama Abraham asukarena nalika rama Abraham ngenteni rawuhe Sang Kristus Yésus, Putra Allah, kang bakal dilairaké déning wong wadon ing donya iki. Lan saiki rama Abraham mirsani nalika tedhak turune Ismael uga bakal dilahiraké maneh déning Sang Roh suci, kanthi mangkono tedhak turune Ismail uga bisa dadi pérangané urip langgeng kang saka Gusti Allah, kang ngalimputi saben wong kang pracaya marang Gusti Yésus (Yoh 3:16; 20:31).

PANDONGA: Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka Dhuh Rama, awit sampun ngangkat kawula, adamel kawula kalairaken malih ing salebetipun Gusti Yésus Kristus, lan nanem gesang langgeng ing manah kawula lumantar sang Roh Suci Paduka. Jangkung kawula ing salebetipun katresnan Paduka, lan Paduka teguhaken kawula ing slebetipun iman ingkang gesang, lan dadosna manah kawula kalimputan tentrem rahayu lan gadhah raos kapang setya wonten ing salebetipun pengajeng-ajeng. Kawonaké hawa nepsu, kaculikan, lan patrap meri ing salebetipun gesang kawula kanthi makaten saben tiyang ingkang gesang ing salebeipun sang Kristus ing jagat menika saged manunggal kaliyan para bapa iman ing jagat ingkang sanes, ing salebetipun atur panuwun lan pujian awit rawuh Paduka ingkang tambah caket. Amin.

PITAKONAN:

  1. Kepiyé kahanané wong-wong pracaya sawise mati?

Ayat kanggo diapalaké:
“Awit manawa wong wis tangi saka ing antarané wong mati,
iku ora omah-omah utawa ora diomah-omahaké,
nanging uripe kaya malaékat ing swarga.”

(Markus 12:25)

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2025, at 06:44 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)