Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 058 (Jesus and the Rich Man)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 5 - Sang Kristus Mratélakaké Anggone Séda Marang Para Muridé Panjenengané (Markus 8:27 - 10:45)

11. Gusti Yésus lan Wong Sugih (Markus 10:17-27)


MARKUS 10:17-27
17 Nalika Gusti Yésus arep nglajengaké tindaké, ana wong kang mlayu-mlayu sowan ing ngarsané, banjur sujud lan matur pitakon: “Dhuh, Gusti ingkang utami, punapa ingkang kedah kula lampahi, supados angsal gesang langgeng?” 18 Paring wangsulané Gusti Yésus: “Yagene kowe ngarani Aku utama? Ora ana kang utama, kajaba mung siji: Gusti Allah. 19 Kowe mesthine wis sumurup pepakon: Sira aja memateni, aja laku jina, aja nyenyolong, aja ngucapaké paseksi goroh, aja gawé pituna marang wong; sira ngajenana bapa biyungira!” 20 Wong mau banjur matur: “Guru, sadaya punika sampun kula tetepi wiwit alit mila.” 21 Gusti Yésus nuli mirsani wong mau kanthi raos tresna, banjur ngandika: “Mung kari saprakara kekuranganmu: Mundura, barang darbekmu dolana kabéh, pepayone wenehna marang wong-wong miskin, temahan kowe bakal tampa bandha kaswargan, banjur balia mrené, melua Aku!” 22 Bareng krungu pangandika mangkono iku, wong mau gela atiné, banjur mundur kalwan sedhih, amarga akéh barang darbeke. 23 gusti Yésus banjur mirsani ngiwa nengen marang para sakabate lan ngandika: “Pancen angél banget tumraping wong sugih bisané mlebu ing Kratoning Allah.” 24 Para sakabat padha gumun ngrungokaké pangandikané iku. Nanging Gusti Yésus tumuli ngandika maneh: “He, bocah-bocah, lumebu ing Kratoning Allah iku pancen angél banget. 25 Luwih gampang unta nalusup ing bolonganing dom katimbang karo wong sugih bisané lumebu ing Kratoning Allah.” 26 Para sakabat saya mundhak gumuné, banjur padha rerasanan: “Yen mangkono sapa ta kang bisa tampa karayahon?” Gusti Yésus mirsani wong mau kabéh lan ngandika: “tumraping manungsa iku mokal, nanging ora mangkono tumraping Allah. Amarga tumraping Allah samubarang kabéh bisa kalakon.”

Kabéh wong kepengin ngrasakaké ayem ing sajroné uripe, mbudidaya nglumpukaké dhuwit sing akéh, bandha lan emas. Bocah sekolah sinau kanthi temen-temen supaya bisa entuk pegawéan kanthi bayaran kang dhuwur, para pemimpin mbangun kawicaksanan babagan ekonomi lan mbudidaya andhané nampa karaharjan, lan sawetara negara ndadekaké darbeke negara lemah darbeke pribadi supaya gawé rakyate bisa nampa hak atas kabéh lemah iku.

Nanging sapa kang pikirané tumuju marang kang akarya jagat, ngladeni Panjenengané, lan masrahaké urip uga bandhané marang Panjenengané? Akéh wong kang mbudidaya leladi Allah lan Mamon, golék kasenengan ing donya lan uga jaminan urip sebanjure. Nanging, wong-wong kang mengkono bakal kelangan sakabéhe.

Ana wong nom-noman kang sugih sowan marang Gusti Yésus sakprelu nyuwun pirsa gegayutan karo urip langgeng. Kaya apa bungahe ing jaman saiki manawa ana wong enom kadudut atine marang prekara-prekara kasukman, gelem ninggalaké gebyare kadonyan! Wong enom kang nyawisaké awaké ngaturaké pisusung lan tumindak becik. Nom-noman mau nyebut Gusti Yésus kanthi tembung “guru ingkang utami”, kebak pikurmatan.

Nanging, Sang Kristus nampik pikurmatan kang lelamisan iki, lan ndandani pikiran kang asipat pikiran manungsa saka wong enom iki. Gusti Yésus ngandika marang wong enom iki, “Ora ana kang utama kajaba mung siji: Gusti Allah”. Apa panjenengan ngrasakaké yén pangandikan iku dadi jeksa kanggo kabéh manungsa-kalebu kita uga-lan mratélakaké manungsa gegayutan karo kekurangane? Ing sajroné tembung iku kakandhut uga pengarep-arep marang nom-noman mau supaya ngakoni lan pracaya yén Panjenengané kang jumeneng ing ngarepané dudu mung guru kang becik, nanging Gusti Allah kang becik uga, awit Gusti Yésus Kristus pancen Pangon kang becik lan Putra Allah kang kebak asih. Panjenengané njaluk kita iman ing sajroné panguwasa Panjenengané kang sampurna.

Gusti Yésus ngasihi nom-noman mau, kang duwé karep kanthi kabisané dhéwé, mbudidaya nindakaké dhawuhe Allah tanpa cacad, lan mbudidaya luwih unggul ketimbang kanca-kancané ing sajroné kabecikan lah urip kang resik. Yaiki kang uga didhawuhaké gusti Yésus marang kita: Supaya merdika saka cancangan dosa, ngedoh saka mammon, lan mung pracaya marang Allah waé. Sebanjure, lumantar pepadhang Sang Kristus, kita bisa ngrasakaké dosa-dosa kita kang ora kapetung gunggunge, lan ngrumangsani yén kita iki manungsa kang cemer, lan sebanjure ngakoni yén keselametan mung bisa dumadi lumantar kayu salib waé. Kanthi iku, kita bisa nampa urip langgeng ing wektu iki uga.

Nanging nom-noman mau sugih banget, lan dhéwéké luwih milih dhuwite tinimbang karo ndhérék Gusti Yésus. Ing sajroné pilihané, nom-noman mau nampik prekara-prekara kasukman, lan milih suméndhé marang bandha, sinadyana dhéwéké katon urip mursid.

Sedulur, dadaren awak sampeyan dhéwé kanthi jujur. Apa sampeyan nresnani dhuwit, pracaya marang bandha donya, apa kang sampeyan dhuweki, lan kewarasan lan sebanjure prekara iku agawé sampeyan tiba ing sajroné bilai awit sampeyan mangun urip sampeyan atas landhesan prekara-prekara kang bisa dadi jalaran bilai? Apa sampeyan ngrumangsani yén ing sajroné sampean dhéwé iki uga sugih banget? Contoné, pira regané mripate tengen sampeyan? Pira regané telenge mripa sampeyan? Apa sampeyan ngaturaké panuwun marang gusti Allah atas kabéh prekara becik kang diparingaké Panjenengané marang sampeyan? Menawa sampeyan arep dadi wong setya marang Kang nitahaké, aturnya kabéh ganjaran lan kabéh kang sampeyan duwéki ing sajroen panguwasané Panjenengané. Aja banget kuwatir yén sampeyan bakal dianggep mlarat ing mripate manungsa, nanging mbudidayaa supaya dadi sugih ing sajroné Sang Kristus, kang wis ngothongaké sarirané saka kasugihan kaluhuran Panjenengané, urip ing antarané kita, lan manjalma dadi manungsa kang asor, mitayaké sarirané sawutuhé marang Sang Rama Panjenengané. Gusti Allah cemawis maringi jaminan marang wong-wong kang masrahaké awaké, ing sajroné tuntunan Sang Roh Suci, marang Panjenengan ing sajroné leladen Panjenengané. Panjenengané agawé wong-wong dosa dadi wong -wong suci, lan andadekaké para kang manembah brahala dadi putra Allah.

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, Paduka nimbali kawula dadi para putra Paduka, lan andadosaké kawula para putra Allah Sang Rama. Paduka racut patrap nresnani arta saking lebeting manah kawula, lan kapitayan kawula dhumateng prekawis-prekawis kebandan. Paduka énggalaken para pandhérék Paduka kanthi makaten kawula sadaya mboten malih namung gadhah pepinginan prekawis-prekawis kadonyan, nanging Paduka paringi kalegan kanthi panguwaos, panjangkung, lan karawuhan Paduka ing salebetipun kawula. Paduka paringi kawula ing dinten-dinten pancoban ageng menika, ganjaran mbedakaké roh, lan mituhu ing iman kanthi makaten kawula mboten badhé kesasar, nanging terus ndhérék Paduka kemawon. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabé kita bisa ndeleng ing sajroné mammon lan kasugihan, loro pancoban kang gedhé dhéwé ing jaman iki kang memper karo manembah brahala?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 23, 2025, at 04:52 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)