Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 031 (Jesus Heals a Demon-Possessed)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)
6. Panguwasané Gusti Yésus atas Prahara, Roh-roh Jahat lan Pati (Markus 4:35 - 5:43)

b) Gusti Yésus Marasaké Wong kang Kepanjingan ing Laladan Gerasa (Markus 5:1-20)


MARKUS 5:1-20
1 Sawuse mangkono banjur wis padha tekan ing sabranging sagara, ing tanahe wong Gerasa. 2 lagi bae mandhap saka ing prau, Gusti Yésus disowani ing wong kapanjingan dhemit saka ing pakuburan. 3 Wong mau manggon ana ing kono lan wis ora ana wong sij-sijia maneh kang saguh mbanda dhéwéké, sanadyan nganggo rante, 4 amarga wis kerep dibanda lan dirante, nanging rantene dipedhot lan blenggunging sikil dirucat, temahan ora ana wong siji-sijia kang bisa gawé tutute. 5 Rina wengi wong mau klambarangan ana ing pakuburan lan ing gunung-gunung karo bengak-bengok sarta ngantemi awaké dhéwé, nganggo watu. 6 Bareng wong mau ndeleng Gusti Yésus saka ing kadohan, banjur mlayu menyang ngarsané sarta nyembah, 7 lan mbengok seru: “Paduka preduli punapa kaliyan kawula, dhuh, Gusti Yésus, Putraning Allah ing kang Mahaluhur? Demi Allah sampun ngantos niksa kawula!”8 jalaran sadurunge iku Gusti Yésus wus ngandika marang wong mau: “Heh, dhemit, lungaa saka wong iku!” 9 Wasana Panjenengané banjur ndangu: “Sapa jenengmu?” Atur wangsulane: “Nama kawula Legion, jalaran cacah kawula kathah sanget.” 10 Wong mau nyuwun kanthi adreng supaya dhemit-dhemite aja ditundhung saka wewengkon kono. 11 Nalika iku ing ereng-erenging gunung kono ana babi akéh banget kang pinuju golék pangan. 12 Dhemit-dhemit mau nyuwun marang Panjenengané, ature: “Kawula mugi sami kadhawuhana murugi babi-babi punika, sami badhé kawula lebeti.” 13 Gusti Yésus marengake. Dhemit-dhemit banjur padha metu lan manjing ing babi-babi mau. Grombolan babi babi mau. Grombolan babi kang cacahe kira-kira rong ewu iku banjur gumrudug mudhun saka ing pinggiring jurang ambyur ing sagara, wasana padha mati klelep ana ing kono. 14 Pangon-pangone babi-babi mau banjur padha mlayu lan nyritakaké lelakon iku ana ing kutha lan ing kampung-kampung ing sakiwa tengene. Wong – wong nuli padha metu arep nyumurupi apa kang mentas kalakon iku. 15 Wong-wong mau padha sowan ing ngarsané Gusti Yésus lan ndeleng wong kang maune kapanjingan dhemit legion linggih ing kono, wis manganggo ganep lan wis waras, satemah padha wedi. 16 wong-wong kang padha nyumurupi dhéwé lelakon mau padha nyritakaké marang wong-wong kang padha teka iku bab apa kang tumindak tumrap wong kang kapanjingan dhemit lan bab babi-babi mau. 17 wong-wong mau banjur padha nyuwun kalawan adreng marang Gusti Yésus, supaya Panjenengané nilar wewengkone. 18 Nalika Gusti Yésus minggah ing prau, wong kang maune kapanjingan dhemit nyuwun kalilanana ndhérék satindake. 19 Nanging Gusti Yésus ora marengaké, pangandikané marang wong mau:”Muliha menyang omahmu, menyang ing omahe wong-wong ing kampungmu lan critakna kabéh apa kang wis katindakaké déning Allah tumrap kowe lan bab anggonmu diparingi sih kawelasan déning Allah” 20 wong mau iya banjur mangkat lan wiwit martak-martakaké ana ing wewengkon Dekapolis apa kang wis ditindakaké déning Gusti Yésus tumrap dhéwéké; wong wong padha eram kabéh.

Padhang sumunar ing sajroné pepeteng, lan pepeteng ora bisa nguwasani pepadang iku. Gusti Yésus tindak saka papan dalem Panjenengané menyang sisih wétan tumuju menyang laladan wong-wong kang manembah brahala. Ana kono wong-wong kang urip ora mbangun turut marang pranatan Allah, mangan daging babi, sesambungan karo roh-roh ala, kang sebanjure ngenjingi sawetara wong ing kono. Wong kang kapanjingan roh ala iku manggon ana kuburan, luwih cedhak karo wong mati ketimbang karo wong kang urip. Cilaka donya kita manawa manungsa ngedoh saka Roh Allah, lan suméndhé marang para filsuf lan ilmuwan, uga nyeluk roh-roh wong kang wis mati! wong-wong mau bakal dadi duraka, kuwat ing sajroné ngrusak, tanpa rasa kamanungsan, lan malah mati secara kasukman.

Gusti Yésus rawuh ing laladan kang laladan kang kalimputan pepeteng iki, roh-roh ala banjur énggal sowan kaya dene laron kang ngrubung pepadange diyan ing wayah bengi, awit panguwasa Sang Kristus pancen wis misuwur ing papan-pan liya. Sawetara rawuh Panjenengané nggawa tentrem rahayu lan kabungahan kanggo wong-wong kang pracaya marang Panjenengané, roh-roh ala dadi nglokro lan kasinungan rasa wedi. Dikaya Gusti Yésus ora wedi marang prahara kang mawalikan, Panjenengané uga ora wedi karo roh-roh ala, uga marang wong-wong kang kapanjingan dhemit, sawetara wong-wong liya mlayu keweden nalina ndeleng wong karasukan iku, lan wong kang karasukan iku nyawat nganggo watu wong-wong kang lewat kang andadekaké tatu wong akéh lan natoni marang awaké dhéwé uga.

Nanging, Gusti Yésus ngandika kanthi suwara kang sareh, awit Panjenengané yakin yén roh-roh ala iku ora bisa natoni Panjenengané.

Wong kang kapanjingan iku sujud ing ngarsané Gusti Yésus, awit ngreti yén Gusti Allah piyambak kang mapan ing sajroné manungsa Gusti Yésus iku.

Gusti Yésus pirsa kaya ngapa nggegirisi neraka iku, lan nuduhaké marang para muridé Panjenengané yén akéh roh-roh ala manggon ing sajroné awaké wong-wong kang nandhang sangsara awit roh-roh ala mbudidaya bisa nguwasané ragané manungsa minangka dadi sarana kanggo nindakaké rancangané ngrusak. Roh-roh mau mupangataké manungsa kanggo ngrusak jiwané, lan andadekaké wong iku kaya maling saka neraka.

Gusti Yésus nundung roh-roh ala mau metu saka wong iku nganggo pangandikan kang kebak panguwasa. Panjenengané nggalih kewarasané wong iku luwih penting ketimbang karo ewon babi, kang banjur babi-babi mau mlayu njegur menyang telaga lan kasilep ing kono.

Sebanjure, kita nyemak gambaran babagan suwarga. Wong kang lagi diuwalaké saka panguwasa roh-roh ala iku lungguh ing ngarsané Gusti Yésus wis nganggo sandhangan kang pantes lan pikirané kang waras, ngaturaké panuwun lan ngluhuraké Panjenengané. Iki tumuse saka keselametan kang asale saka Gusti Yésus, yaiku sing sapa sowan marang Panjenengané bakal nganggo sandhangan pantes. Lan duwé pikiran kang bening, rukun karo Gusti Allah, nyambut gawé tumemen, lan dadi titah kang anyar. Katresnan Sang Kristus nyurung lan nganyaraké wong iku. Katresnan iku andadekaké wong iku dadi utusan kang sopan, wong kang golék kayekten, lan gambaran saka katresnan ilahi marang jagat kang kalimputan rasa wedi, apus-apus, lan laku jina.

Wong-wong ing laladan iku uga ngrasakaké akibat saka panguwasa kasuwargan atas roh-roh neraka lan wong-wong mau dadi banget kaweden. Nanging wong-wong mau ora manembah Sang Kristus, nanging nyuwun supaya Panjenengané tindak saka kono, awit wong-wong mau milih bandha donya lan kasugihan ketimbang karo Sang Kristus kang gesang.

Wong kang diwarasaké lan diuwalaké saka panguwasané roh pepeteng iku kepengin ndhérék Gusti Yésus lan tetep ana ing pangayoman Panjenengané, nanging Gusti Yésus dhawuh supaya wong iku dadi seksi ing papan asale. Roh Panjenengané kang marakaké awaké tentrem nganthi wong iku, lan keselametan saka Panjenengané dadi pengarep-arep kanggo saindhenging laladan iku kang wis kalimputi déning pati. Wong iku mbangun turut marang Sang Kristus lan nyeksekaké panguwasa keallahan Panjenengané ing desa-desa lan kutha-kutha sisih wétan kali Yarden.

Apa panjenengan uga duwé pikiran kang bening lungguh ing sampeyané Gusti Yésus, lan dadi seksi kanggo asma lan panguwasa Panjenengané ing ngarepe wong akéh?

PANDONGA: Dhuh Gusti Yésus, kawula manembah panguwasa keallahan Paduka, awit namung Paduka kemawon Ingkang Maha Kuwaos. Paduka mboten paring bilahi dhumateng kawula, nanging nguwalaké kawula saking sadaya rasa was-was, raos sengit, lan bilahi. Dadosna kawula tiyang-tiyang ingkang ngresnani lan sopan, ingkang kebak kaliyan katresnan lan kayektosan. Paduka tulungi kawula supaya martakaken pawartos babagan panguwaos Paduka dhumateng sadhérék-sadhérék kawula ing jaman menika. Amin.

PITAKONAN:

  1. Kepiyé uripe wong kang kapanjingan roh ala sawisé Sang Kristus nguwalaké saka roh-roh ala mau?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 15, 2025, at 02:59 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)