Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Mark - 029 (Parable of the Mustard Seed)
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish

Previous Lesson -- Next Lesson

MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)
5. Gusti Yésus Mulang ing Perahu Marang Wong Akéh Kang Lungguh Ing Nggisik (Markus 4:1-34)

f) Pasemon Bab Wiji Sawi (Markus 4:30-34)


MARKUS 4:30-34
30 Gusti Yésus ngandika maneh: “Kratoning Allah iku kita upamakaké apa? Utawa kena kita gambar nganggo pasemon apa? 31 Kraton iku upamané kaya wiji sawi kang disebar ing lemah. Pancen wiji iki, padha padha wiji kang ana ing bumi, cilik dhéwé. 32 Nanging bareng wis disebar, banjur thukul lan dadi gedhé ngluwihi sakabéhing jejanganan liyané, sarta metu pange kang gedhé-gedhé, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha bisa nusuh ana ing ayomane.” 33 Gusti Yésus anggone mulangaké pangandika marang wong-wong mau ngagem pasemon akéh kang kaya mangkono iku, laras karo tataraning pangretené, 34 lan ora padha dipangandikani ap-apa kang tanpa pasemon, nanging yén marang para sakabate apa bae diterangaké piyambakan.

Kraton Allah kang kasukman yaiku kekuwatan kang gedhé dhéwé ing jagat lan jagat roh, awit karsané Kang Maha Suci ambanyu mili ing kana, lan iline Roh Panjenengané langsung mancar saka Panjenengané, nitahaké, mranata, lan nyegeraké panguripan kang anyar ing tengah-tengah pepati, dikaya kang tau dumadi nalika Panjenengané hanyipto. Ora ana panguwasa ala apa waé kang bisa ngalahaké Kraton Allah, awit kraton iki isine panguripan langgeng kasukman. Kraton iki ora diwangun nganggp panguwasa kadonyan, utawa rasa sengit kang ngrusak. Kahanan ing sajroné kraton iki kebak kabungahan, patrap nyingkur awak dhéwé, lan tinarbuka ing sajroné panguwasa Ilahi. Ora ana prekara apa waé ing donya iki kang luwih endah ketimbang karo kaanané Allah ing sajroné ati manungsa.

Gusti Yésus iku priyayi kang kapenuhan déning Sang Roh Allah. Panjenengané iku wiwitan saka Kraton Allah ing donya iki. Panjenengané ora nyawang dhuwure para pemimpin lan jendral kang misuwur, utawa para filsuf kang wasis, awit wong-wong mau mati tanpa wanuh Panjenengané kang miyos saka Sang Roh Suci. Nalika Sang Ratu Ilahi iku dikhianati lan dipasrahaké marang tangané wong-wong mau, wong-wong mau nyedani raga Panjenengané kanthi kapatrapan kang nggilani. Nanging kraton Kasukman Panjenengan mundhak-mundhak kanthi panguwasa kang gedhé, awit Sang Roh Kristus ora bakal tau mati. Panjenengané iku wadi lan hakikat saka Kraton Panjenengané.

Gusti Yésus mbandhingaké kraton Panjenengané karo wiji sawi, salah siji wiji kang cilik dhéwé, kang meh ora bisa dideleng. Nanging nalika wiji iku tiba ing lemah lan tukul mula wiji mau dadi wit kang gedhé, kang metokaké godhong lan woh, lan kang dadi jalaran manuk-mkanuk ing awang-awang mencok lan ngaup ing gegodhongane.

Dina iki pang-pang saka Kraton Allah wis nyebar ing saindhenge bangsa, nawakaké marang wong kabéh pengarep-arep, pitulungan lan keselametan. Ora mung pang-pang lan godhong-godhong, yaiku wong-wong pracaya, kang nampa berkah kraton iki, nanging uga kabéh titah liyané ing sakjabané wit iki kang nampa pitulungan lan woh-woh kang becik saka wit mau, kaya maneka kabudayan, filsafat, lan kumpulan-kumpulan entuk kauntungan saka Sang Kristus lan kapengaruh karo wulangan Panjenengané, nanging tanpa ndhérék Panjenengané. Wong-wong mau bisa disanepakaké dudu dadi pang-pang wit, nanging dadi manuk-manuk, kang mung sawetara ngaup ing wit Allah kang gedhé, utawa panjenengan wis dadi pang ing sajroné wit kasukman iki, lan metokaké wong kanthi cara kasukman?

PANDONGA: Dhuh Rama, kawula maturnuwun awit Paduka wis nandur wit gedhé katresnan Paduka, ing bumi kawula kang garing, lan kebak piala, ngapura dosa-dosa kawula, lan andadekaké kawula uga minangka pang kang tuwuh saka wit kang gedhé iki. Paduka paringi teguh kawula ing salebetipun putra Paduka kanthi makaten dinten menika kawula saged ngedalaké woh-woh Roh, lan mboten mung kados peksi-peksi kang pados pitulungan ingkang sawetawis lan selajengipun miber nilaraké Paduka. Amin.

PITAKONAN:

  1. Apa sebabe kraton Allah luwih agung ketimbang kabéh wulangan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 14, 2025, at 02:13 PM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)