Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)
5. Gusti Yésus Mulang ing Perahu Marang Wong Akéh Kang Lungguh Ing Nggisik (Markus 4:1-34)
d) Watonan-Watonan Ndadekaké Murid (Markus 4:21-25)MARKUS 4:21-25 Manawa panjenengan krungu sabda Sang Kristus, kudune panjenengan paham lan pracaya, sebanjure tindakna sabda Panjenengané demi sih rahmat, lan wartakaké marang wong-wong liya, awit manawa iman panjenengan pancen urip, panjenengan ora bakal bisa nyingidaké iman iku. Katresnan Allah wis mapanaké pepadhang kasuwargan ing ati panjenengan. Dikaya Sang Kristus iku pepedhange jagat, mengkono uga Panjenengané andadekaké panjenengan minangka pepadhang ing sakiwa tengen ing ngendi panjenengan mapan, ngalahaké pepeteng. Apa panjenengan wedi marang manungsa, panandhang, lan setan-setan? Gusti Allah nganthi panjenengan, lan Putra Panjenengané manunggal ing panguripan panjenengan, awit saka iku aja wedi, nanging pracayaa, lan dadia seksi kanggo Sang Juru selamet kang wis maringi marang panjenengan kabungahan, kawicaksanan, lan andhap asor. Saben wektu, dikaya iman ora bisa disingidaké utawa ditutupi déning uwong, mengkono uga dosa bakal katon ing sajroné urip wongwong kang ora pracaya marang Sang Kristus. Tembung-tembung saru bakal metu saka cangkeming wong dosa, sinadyana dhéwéké nutup cangkeme sawetara wektu. Nanging, ing wektu kang ora dinyana, roh ala bakal metu saka ing sajroné atine ing sajroné tembung-tembung kang saru lan kebak rasa sengit. Dadi pocapan panjenengan bakal dadi hakim kanggo awak panjenengan dhéwé. Sing sapa kapenuhan karo Roh Suci bakal metu ambanyu mili katresnan, patrap tulus, lan kayekten. Panjenengan ora bisa tansah sarujuk karo anak-anak kadonyan iki kaya-kaya panjenengan wong kang durung dilairaké maneh. Panjenengan bisa milih kelangan jaminan Allah ing sajroné panjenengan, utawa panjenengan nyeksekaké keselametan saka Sang Kristus marng para mitra panjenengan kanthi ati kang tulus. Iman panjenengan ora sawijining doktrin apalan, nanging tuntutan leladi ing sajroné patunggalan karo Sang Kristus. Sing sapa keset, utawa jireh, bakal mati secara kasukman, nanging sing sapa ngrungokaké tembunge bendarané lan ngetrapaké saben dina, bakal tuwuh ing sajroné panguripan Sang Roh suci, lan ngedoh saka pasrawungan kang ala. Wong iku bakal nyingkiri lelucon kang saru, lan nutup mripate marang bab-bab kang porno utawa ora sopan. Dadi, underaké kawigaten marang Sang Kristus lan Panjenengané bakal paring sugih panjenengan kanthi kabecikan Panjenengané ing salawasé urip panjenengan. Apa panjenengan ngreti makna saka watonan utama ing sajroné Psikologi, “Apa waé kang mlebu mengkone bakal metu?” Manawa panjenengan ngrungokaké Pangandikané Allah, panjennegan bakal dadi rembugan panjenengan; manawa panjenengan ngrungokaké babagan politik, sing dirembug panjenengan bakal ya politik; lan manawa panjenengan ngrungokaké apa kang reget, panjenengan mesti uga bakal cemer. Dadi kalimputana ati panjenengan karo Injil supaya panjenengan bisa dadi Sabda Allah kang urip, kang bisa diwaca déning kabéh uwong. Gusti Yésus nimbali manungsa saiki minangka turunan kang nyimpang lan kang laku jina, awit sapérangan gedhé urip tanpa Gusti Allah , utawa nganggep Panjenengané minangka pérangan kang ora penting ing sajroné urip. Gusti Yésus pirsa roh cemer kang makarya ing sajroné uripe manungsa. Kabéh wong hakikate mentingaké awaké dhéwé. Ora ana kang becik kajaba Gusti Allah. Nanging sing prayitna! Aja ngenyek sapa waé sinadyana panjenengan ngreti pialane. Pahami katresnan Allah kang dipratélakaké ing sajroné Sang Kristus kang wis masrahaké nyawa Panjenengané kanggo turunan kang nyimpang lan kang laku jina iki sinadyana lumawan Panjenengané. Gusti Allah nresnani wong-wong kang ala. Panjenengané ora paring paukuman utawa nyilakakaké wong-wong iku, nanging nylametaké wong-wong iku kang nampa keselametan. Kaya apa luwih maneh Panjenengan bakal nylametaké kita, kang ing hakikate ora luwih becik saka wong-wong liya. Awit saka iku, aja nganti kita ngadhili utawa nampik sapa waé, nanging sihi wong iku, menehi paseksén marang wong iku, lan ndedong kanggo wong iku. Sing sapa martakaké paseksén Sang Kristus marang wong-wong liya bakal tuwuh secara kasukman ing sajroné leladi marang Allah. Panjenengané bakal nampa kekarepan anyar, panguwasa kasukman, berkah kasuwargan, kabungahan kang langgeng, lang katresnan ilahi. Sing sapa kang sugih ing sajroné Roh bakal dadi tambah sugih, nanging sing sapa mlarat ing sajroné paseksén, lan keset ing sajroné mitulungi wong-wong liya kang ora panten kanggo Kraton Suwarga. Awit saka iku ngomonga! Aja mung meneng waé awit Gusti Allah nganthi panjenengan. Panjenengané waé kang dadi tameng lan pituwas kanggo panjenengan. PANDONGA: Dhuh Rama, kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka, awit Paduka sampun nimbali kawula ing salebetipun gesang ingkang langgeng. Paduka apunten kawula babagan karingkihan, raos ajrih, lan bodhone kawula, lan tuntun kawula supados sinau Injil Paduka kanthi makaten kawula saged kalimputan kabingahan lan kekendelan, lan nyariosaken dhumateng para mitra kawula babagan katresnan Paduka. Tebihna kawula saking roh-roh awon, kanthi makaten kawula saged terus leladi Paduka ing salebetipun katresnan. Amin. PITAKONAN:
|