Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 4 - Tandha-Tandha Kaélokan Lan Mujizat Sang Kristus Ing Galilea Lan Sakiwa Tengené (Markus 3:7 - 8:26)
5. Gusti Yésus Mulang ing Perahu Marang Wong Akéh Kang Lungguh Ing Nggisik (Markus 4:1-34)
b) Pranatan Gegayutan karo Tuwuh lan Patine Kasukman (Markus 4:10-12)MARKUS 4:10-12 Para murid Sang Kristus ngrungokaké pangandikan Panjenengané, nanging para murid ora sawutuhe ngreti. Mengkono uga karo kita, awit kita pancen dudu gusti. Kita ora bakal bisa ngreti utawa naliti Pangandikan Allah kanthi pikiran kamanungsan kita. Pikiran kamanungsan kita banget déning winates. Awit saka iku dadi angél kanggone kita ngrungokaké suwra lan karsané Sang Roh Suci. Nanging, para murid banget wicaksana, awit para murid ngakoni anggone ora ngreti, lan pangretene kang wincates, lan sebanjure sowan marang Gusti Yésus, sumber saka samubarang kawicaksanan, nanokaké marang Panjenengané makna, panguwasa lan rancangan pangandikan Panjenengané. Panjenengan sowana marang Sang Kristus ing sajroné pandonga-pandonga pribadi panjenengan, lan takona marang Panjenengané babagan makna pangandikan Panjenengané. Aja maca Injil kanthi patrap kaya-kaya panjenengan bisa sinau pribadi Allah, nanging ndedongaa kanthi andhap asor supaya Panjenengané menehi pepadhang marang panjenengan, lan nyethakaké karsa Panjenengané marang panjenengan. Simpen Pangandikan iku ing sajroné ati panjenengan kanthi mangkono panjenengan bakal ngasilaké woh akéh. Gusti Yésus ngandika marang para murid kang sowan marang Panjenengané, “Kowe duwé hak lan kekarepan ngrungokaké babagan kengkerané Kratone Allah, awit kowe urip cedhak karo Putra Allah. Katresnan, kasucen, panguwasa lan kawenangan Panjenengané bakal nyethakaké Pangandikan Allah marang kowe kanthi cetha lan jero”. Sing sapa nyerak marang Sang Kristus lan urip ana ing sajroné Panjenengané bakal nampani pepadhang lan didadekaké pantes nyawang kaluhurané Allah. Para murid nutuhaké yén dhéwéké wanuh marang Allah, lan babagan gambar Allah di capaké ana ing atine. Nanging wong kang ora pracaya utawa ora nresnani Gusti Yésus, nampik Gusti Allah piyambak, lan atine bakal dadi wangkot. Wong kang wis ana ing saknjabané kraton Sang Kristus iki, lan nyoba sowan Panjenengané tanpa gelem pracaya marang Sang Kristus, lan malah terus mbudidaya ngadoh, tambah suwe bakal dadi tambah wangkot lan kelangan kabisané mratobat. Ing pungkasané, wong iku ora bakal bisa mlebu ing sajroné kraton Gustine. Wong-wong kang mangkono krungu pangandikan ing sajroné bahasané dhéwé. Nanging kaya-kaya pangandikan iku mung ngumandang ing kupinge, wong-wong mau ora bisa mangreti, lan roh Injil ora bisa mlebu ing sajroné pikirane. Sinadyana Gusti Yésus ngandika marang wong-wong mau kanthi nggunakaké pasemon lan nuduhaké bebenar ing ngarep mripate, wong-wong mau ora gelem mratobat, nanging wong-wong mau tetap nresnani awaké dhéwé, sengit marang Allah, lan ora gelem njaluk pangapura. Iki kasunyatan kang banget mrihatinaké babagan urip kasukman. Sing sapa nampa panguripan kang asipat ilahi, lan cekelan kenceng marang Sang Kristus, bakal tuwuh lan nampa lumantar anggone ngungkuraké awaké dhéwé, luwih akéh berkah, leladi, lan anggone wanuh marang Kratone Allah. Nanging sing sapa nutup atine marang panguwasa Pangandikan Allah, lan nyepelekaké pangandikan Allah iki bakal kelangan kabisan telenging atine. Wong iku mateni telenging atine dhéwé lan mati secara kasukman. Awit iku, dadaren ati panjenengan dhéwé. Apa panjenengan tuwuh utawa alum secara kasukman. PANDONGA: Dhuh Gusti ingkang kebak kawicaksanan, Allah ingkang kagungan samukawis kawicaksanan, kawula ngakene ing ngarsa Paduka babagan bodhone kawula, cetheking kawruh kawula. Paduka bikak manah kawula, pikiran kawula lan talingan manah kawula atas pangandikan Paduka, lan Paduka tulungi kawula mangertos margi-margi katresnan Paduka. Paduka paringi kawula panguwaos supados tansah mbangun turut ing salebetipun iman. Kawula ngaturaken panuwun dhumateng Paduka atas pangapunten Paduka, lan supados pangandika pemut Paduka dhumateng kawula. Ampun tilaraké kawula, nanging wilujengaké kawula ngantos pungkasanipun. Amin. PITAKONAN:
|