Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- English -- Indonesian -- JAVANESE -- Tamil -- Turkish
Previous Lesson -- Next Lesson MARKUS - Sapa ta Sang Kristus Iku?
Sinau saka Injil Kristus Manut Markus
PÉRANGAN 2 - Wiwitané Anggone Gusti Yésus Leladi Ing Galilea (Markus 1:14 - 1:45)
4. Pandonga Sang dokter Kasuwargan Nyarasaké Sakabéhing Penyakit (Markus 1:29-39)MARKUS 1:29-39 Rasul Petrus ningkah, awit ningkah ora kasebut dosa kanggo para peladén Sang Kristus. Awit para pandhérék Sang Kristus asring kudu lumawan akéh godha, lan keluwargané uga ora luput saska godha lan serangan, awit saka iku, kita prelu entuk pangayoman Sang Kristus saben dina lan kaanané Panjenenengané nganthi kita. Ibu maratuwa Petrus ing nandhang lara. Ibu iku mung bisa turon ing papan paturone lan awaké panas awit adhem. Nanging, Sang Juru selamet ana cedhakan kono, lan ibu iki ngrasakaké panguwasa Panjenengané, pracaya marang kawigaten Panjenengané. Nalika Gusti Yésus mlebu ing omahe Petrus, Panjenengané nyekel tangan ibu mara tuwa Petrus, lan nundhung penyakit kanthi panguwasa Panjenengané, awit Sang Kristus yaiku dhokter kang bisa marasaké lan Sang Juru selamat kang sejati. Hasil saka kasarasané iki banjur katon, awit wanita kang diwarasaké iku banjur tangi saka paturon lan wiwit leladi tamu-tamu kang teka ing omahe. Mengkono uga kabéh wong-wong tebusan Sang Kristus disisihaké kanggo leladi. Leladen iku pralambang kaagungan saka wong-wong pracaya, awit Putra Allah piyambak ora rawuh supaya diladeni, nanging Panjenengané rawuh kanggo leladi lan masrahaké urip Panjenengané kanggo wong akéh. Ana prekara akéh banget ing sajroné jagat iki. Apa kita duwé kawigaten marang wong-wong kang ringkih, kadudut atine marang wong-wong kang kurang mangan, mikiraké wong-wong kang ora duwé pengarep-arep, lan leladi wong-wogn kang lara lan cacad? Apa ati panjenengan wis wangkot, utawa isih kebak sih rahmat? Sang Kristus iku katresnan. Panjenengané malah nyangga kabéh penyakit lan kang dadi sebab kabéh: dosa. Manungsa apa ngrasakaké katresnan kang kebak kabecikan lan sih rahmat Panjenengané iku lan para guru mau énggal sowan marang Panjenengané. Ora ana jeneng liya ing sajroné sejarah manungsa kang luwih penting saka asma Gusti Yésus, awit Panjenengané iku Gusti piyambak, duwé kuwasa marasaké, Juru selamet, lan dhokter kanggo kabéh wong kang sowan marang Panjenengané. Saka katresnan Sang Kristus, panguwasa kang gedhé ngalimputi wong-wong kang pracaya marang Panjenengané. Nanging, ing sajroné anggone Panjenengané marasaké, tansah ana peperangan antarané Gusti Allah lumawan Iblis. Panguwasa roh-roh ala wanuh lan wedi marang Panjenengané, nanging roh-roh mau mbangun turut marang Panjenengané lan ditundhung lumantar dhawuh Panjenengané. Kaya apa ngédab-édabine panguwasa Putra Allah ing sajroné pangandikan Panjenegane! Panjenengané ora marengaké roh-roh ala iku martakaké gegayutan kasucen lan panguawa Panjenengané, awit Panjenengané ora ngersakaké wong dadi pracaya lumantar paseksén saka neraka. Sinadyan Gusti Yésus ngrasakaké lungkrah atas momotan ing dina sadurunge. Panjenengané wungu esuk-esuk banget lan banjur tindak menyang ara-ara kanggo nyepi lan ketemu karo Rama Panjenengané. Saiki panjenengan gatekna yén Putra Allah ndedonga, lan rerembugan karo Rama Panjenengané babagan wong-wong kang diladeni Panjenengané. Awit donga-donga iku, panguwasa nganyaraké saka Suwarga manungga ing sajroné sarira Panjenengané, lan sumber rahmat kang lubér-lubér kacawisaké kanggo sakabéhe. Apa panjenengan abdi Gusti? Apa panjenengan lagi ana ing sajroné peperangan lumawan roh-roh ala? Peperangan panjenengan ora bakal kasil manawa panjenengan kang ora dosa, lan terus kanthi setyo. Tangi saka papan paturon panjenengan aja aras-arasen. Ndedongaa dikaya kang ditindakaké Putra Allah. Sawijining donga ing sajroné roh luwih utama ketimbang karo turu. Sebanjure panjenengan bakal nampa timbalan lan tuntunan Gusti Allah, minangka tambah saka akéh berkah, lan panjenengan bakal ndeleng apa kang Gusti kersakaké kanggo panjenengan kang tindaké ing dina iki. Panjenengané bakal ngutus panjenengan supaya dadi juru warta kang andhap asor lan nyesekaké kanthi panguwasa ing kutha lan sakiwa tengan panjenengaen, awit panjenengan nyawang ing sajroné Injil ana panguwasa Gusti Allah piyambak. Dadi, sekséna marang wong-wong kang gelem ngrungokaké, lan kareben tembung-tembung panjenengan nggambaraké panguripané sang Kristus kanthi cetha lan apa kang wis ditindakaké Panjenengané marang panjenengan. Setan-setan bakal nguwalaké wong-wong kang ana ing sajroné genggemané, awit Sang Roh Allah perang lumawan lan nundhung roh-roh ala lumantar paseksén panjenengan. PANDONGA: Dhuh Sang Kristus, Paduka menika Putra manungsa, Panguwaos, Ingkang mimpang. Ingkang damel saras, lan Sang Juru wilujeng. Panguwasa pepeteng mangretos bilih kraton Paduka sampun rawuh. Kawula ndedonga. Kitenipun kasetyan Paduka badhé dipratélakaké ing salebeting griya kawula kados ing suwarga. Gulawenthah kawula kanggé terus ndedonga, lan paringi panguwaos dhumateng paseksén kawula, jangkung kawula terus kaliyan rah Paduka, lan paringi kawilujengan lan kasarasan dhumateng para mitra kawula kanthi makaten sadhérék-sadhérék uga saged diribah setutur kaliyan gambar Paduka. Amin. PITAKONAN:
|