Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 267 (The Determined Resurrection of the Crucified)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu? -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 6 - WUNGUNĚ GUSTI KITA YĚSUS KRISTUS (Matéus 28:1-20)

2. Kayekténing Wunguné Panjenengané Kang Sinalib (Matéus 28:5-7)


MATÉUS 28:5-7
5 Ananging malaekat mau ngandika marang wong-wong wadon mau: “Kowé aja padha wedi, sabab aku ngreti, kowé padha nggoléki Gusti Yésus kang disalib iku. 6 Panjenengané ora ana ing kené awit wis wungu, kaya kang wis dipangandikaake. Padha mrenea, delengen panggonan kang mentas kagem sumare. 7 Mulané padha endang balia lan kandhaa marang para sakabate, yén Panjenengané wis wungu saska ing antarané wong mai lan ndisiki lakumu menyang Galilea. Kowé bakal padha ndeleng Panjenengané ana ing kana. Yaiku pawartaku marang kowé kabéh.”
(Matéus 12:40, 16:21, 17, 23, 20:19, 26:32)

Pasekséné malaikat nuntun kawigaten. Gusti Allah ngutus Malaikat marang para wong wadon makili sakabéhé kanthi mangkono kabéh manungsa bisa pakarya kaélokan Panjenengané. Sang manungsa Yésus bener-bener wis wungu saka séda.

Gusti Allah ngajeni wong-wong wadon iku kanthi ngutus Malaikat marang wong-wong mau lan nyegah supaya wong-wong wadon mau ora kasinungan rasa wedi. Malaekat mau mratélakaké marang wong-wong wadon kang ana ing pikiran lan atiné yén wong – wong wadon iku nresnani Gusti Yésus, lan mikiraké babagan Panjenengané. Malaikat iku ora ngelikaké wong-wong wadon mau awit lali bab pangandikané Gusti Yésus, nanging ngandika marang wong-wong wadon mau kaya-kaya wong-wong wadon mau bocah cilik, awit wong-wong wadon mau pancen banget déning bingung. Kubur kang wis kabuka, wong-wong jaga mlumah kaya wong-wong mati, lan malaikat kang ngemu cahya ngandikan marang wong-wong wadon mau. Lelakon iki ora bisa ngluwihi apa kang dirasa lan apa kang dipikirake.

Malaikat kang sumunar padhang ngandika marang wong-wong wadon mau kang kagét banget awit malaikat mau ngerti apa kang dadi tujuané. Wong – wong wadon mau lagi nggoléki layoné Gusti Yésus kang séda kasalib. Pratéla ilahi iki ngantem kabéh wong-wong kang nampik marang kayu salib lan panemu kang kandha yén Panjenengané ora disalib. Putra Maryam wis ngganepi keselametan ing kayu salib kang asor, nuntun keselametan marang kabéh wong kang pracaya marang cempe Allah. Malaikat mratélakaké marang para wong wadon kang lagi kagét iku, yén Sang Kristus wis wungu lan badan Gusti Yésus ora ana ing kana. Malaikat mau nduduhaké marang wong wadon mau papan ing ngendi layon Panjenengané dipapanaké supaya wong-wong wadon mau bisa ndeleng yén kubur ing sela-selanipun watu karang iku pancen wis bener-bener kothong.

Malaikat kang sumunar iku nyeksekaké gegayutan wunguné Sang Kristus, kanthi bener ngumumaké yén Panjenengané wis wungu kanthi pangusa Panjenengané. Putra Manungsa wis ngalahaké lan nelukaké pati. Yaiku pengarep-arep yutan manungsa, uwal saka pati. Sang Kristus wis ngremuk panguwasa lan wis tinarbuka menang atas pati iku. Sing sapa kang cekelan marang Gusti Yésus kang urip bakal lumaku karo Panjenengané ing telenging pelimengané pati, nanging ora bakal wedi bebaya, lan wong-wong iku bakal lumebu kapenuhan urip ing Firdus.

Malaikat iku sebanjuré ngelingaké wong-wong wadon mau yén dhéwéké ora mratélakaké sawijining prakara kang anyar marang wong-wong mau, nanging mung mbaléni apa kang wis dingandikaaké gusti Yésus marang wong-wong mau sadurungé Panjenengané séda. Iki nuduhaké yén kabéh pangandikan kang dingandikaaké Gusti Yésus ing sajroné Injil banget déning penting lan pantes diimani. Wong-wong kang ora gelem mratobat ora gelem pracaya, nanging Gusti Yésus wis nawani pangapura marang kabéh manungsa. Dina iki Panjenengané maringi urip langgeng Panjenengané marang sing sapa kang ngengakaké atiné marang Sang Roh Suci lan kang kanthi kebak rasa syukur nampa pangapura Panjenengané.

Malaikat ora nyebut Gusti Yésus minangka “Putra manungsa” Nanging “Gusti”, awit ngreti yén Sang Kristus wis mudhun saka Suwarga, nekani manungsa kanggo nguwalaké manungsa saka bandané si pengawak dursila. Panjenengané kang kasarekaké ing kubur iku yaiku Gusti pieyambak, nanging Panjenengané wungu. Kabéh filsuf, nabi, para pemimpin agama mati, lan balungé tetep ana ing kuburé, nanging Gusti kita wis wungu lan wis négesaké marang kita pengarep-arep urip kanthi wunguné Panjenengané.

Sakwisé lelakon kaélokan iki, para wong wadon iku dadi juru pawarto Injil. Wong-wong wadon iku seksi langsung kang kawitan kang dipilih Gusti Allah kanggo mratélakaké wunguné Sang Kristus ing saindhenging jagat. Malah nalika iki uga para wong wadon nom-noman lan uga ibu-ibu bisa nyeksekaké panguwasa wunguné Sang Kristus marang wong-wong kang mangu-mangu kanthi mangkono wong-wong mau bisa nampa pengarep-arep saka paseksené lan melu cawe-cawe ing sajroné nganyaraké uripe ing sajroné Gusti Yésus.

Sakwisé iku malaikat mratélakaké marang wong wadon loro iku yén Gusti Yésus bakal ndhisiki para murid menyang Galilea dikaya kang wis dingandikaaké Panjenengané telung dina kang kepungkur. Panjenengané bakal ngatingalaké sarirané langsung marang wong-wong mau. Gusti ora kersa nyingidaké sarirané nanging kersa mratélakaké sarira Panjenengané marang wong-wong kang disihi Panjenengané sakwisé wong-wong wadon pracaya marang pawarta wunguné Panjenengané kang luhur.

Kang pungkasan, malaikat négesaké marang para wong wadon kang kagét iku wong wadon ora kené lali gegayutan apa kang dilantaraké marang wong-wong wadon iku. Malaikat wis diutus marang wong–wong wadon déning Gusti Allah supaya kabéh wong bisa krungu pawarta kang ngedap-edapi lan éndah iku, yén kang Kasalib iku sampun wungu. Panjenengané iku Gusti lan kang menang atas pati, dosa lan Iblis.

Apa panjenengan pracaya marang pratéla malaikat iku, lan marang paseksen para wong wadon iku?

PANDONGA: Gusti Yésus, Paduka sampun wungu saking antawisipun tiyang pejah. Kawula ngluhuraken Paduka lan asukarena awit pati mboten saget nyepengi Paduka, nanging Paduka ngawonaken pati menika lan gesang. Kawula ngluhuraken Paduka lan abingah-bingah awit Paduka mbikak dhumateng kawula kori pengajeng-ajeng. Pati sanés babagan pungkasan, awit Paduka maringi dhumateng kawula gesang langgeng. Kalimputana kawula kaliyan gesang Paduka, lan Paduka tampi sasampunipun kawula pejah. Tulung kawula supados nyariyosaken dhumateng tepangan kawula supados sedhérék-sedhérék menika saget ugi mratobat kados kawula, nampani pangaksami Paduka atas dosa-dosanipun, lan dipun sucékaken kanthi manunggalipun Sang Roh Suci Paduka, ugi gesang ing salebetipun sadaya panggesangan ing salebetipun gesang langgeng.

PITAKONAN

  1. Apa kang dingandikaaké malaikat marang para wong wadon iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 09:58 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)