Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 5 - KASANGSARAN LAN SĚDANĚ SANG KRISTUS (Matéus 26:1-27:66)
31. Pasaréané Gusti Diségel Lan Dijaga (Matéus 27:62-66)MATÉUS 27:62-66 Para murid ora kelingan yén Gusti Yésus wis ngandikan makaping-kaping gegayutan anggoné Panjenengané bakal wungu kanthi kebak kaluhuran. Wong-wong Farisi lan para imam kepala ora pracaya marang babagaj Gusti Yésus bakal wungu saka séda. Wong-wong mau duwé panemu yén para murid Panjenengané bisa uga bakal nyolong layon Panjenengané banjur kandha yén Guruné wis wungu. Para pemimpin bangsa Yahudi ora urip ing sajroné Roh kayektén lan duwé pikiran yén para pandhérék Gusti Yésus iku golongané wong goroh, dikaya kahanané wong-wong mau dhéwé. Wong-wong kang ngadhili Gusti Yésus mangu-mangu. Sakwisé kelingan apa kang ditegasaké Gusti Yésus, Panjenengané bakal wungu saka séda telung dina sakwisé anggoné séda. Wong-wong mau ngongkon supaya kubur iku disegel lan dijaga supaya aman. Kayangapa mrihatinaké gambarané mapanaké para prajurit ing ngarepe kubur supaya wong kang mati ora bisa mlayu! Sawetara wong kang nampik kayektén iki ngatur carita yén ana wong liya kang disalibaké lan dudu Gusti Yésus, lan sebanjuré nggenteni ya wong iki kang dikubur ing sajroné kurburan iku. Dongéng mangkené iku lucu lan bisa dadi guyu. Apa ibu Gusti Yésus, kang ngadeg pas ing sangisoring salib, ora wanuh Panjenengané kang disalib? Apa wong-wong kang ngudhunaké Panjenengané kang disalib ora ngreti apa wong-wong iku nggotong wong liya utawa nggotong Gusti Yésus? Panemu iki kaya lamat mangga kang ora duwé kekuwatan apa-apa lan gampang dipedhot. Panemu iku mung teori waé kang ora duwé landhesan. Sapa waé kang duwé panemu kang mengkené luput marang Gusti Allah kang ndakwa Panjenengané nindakaké sawijining prakrara kang ora bisa ditampa. Iman lan keyakinan saka pandhérék Sang Kristus ora bisa dibantah, awit para pandhérék Gusti Yésus duwé iman lan keyakinan marang apa kang dideleng dhéwé, yén Panjenengané kang disalib iku gusti Yésus Sang Kristus. Becik wong-wong Yahudi uga wong-wong Romawi ngreti kasunyatan iki. Prekara iku uga diteguhaké déning buku-buku sejarah lan wis dilantaraké saka cerita wong siji marang wong liyané ing sajroné sejarah. Wis ditegasaké kayekténé makaping-kaping yén Kang disalib iku Sang Kristus, lan Panjenengané séda uga dikuburake. PANDONGA: Gusti lan Sang Juruselamet kula, Paduka sampun ngraosaken getiring séda, lan Paduka dipun papanaké ing salebetipun kubur ingkang peteng. Paduka mlebet saderengipun kula wonten ing salebetipun kubur supados kula mboten prelu malih rumaos ajrih utawa piyambakan ing wekdal kula pejah awit kula badhé kepanggih kaliyan Paduka. Matur nuwun awit Paduka ngaputen sadaya kalepatan kula lan mapanaken wiji gesang ing salebetipun badan kula kanthi makaten pati mboten saget malih gadhah panguwaos atas badan kula. Paduka sampun maringi dhumateng para pandhérék Paduka gesang malah sasampunipun pejah. Paduka menika Sang Pemenang, pantara lan panebus kawula. Awit sédanipun Paduka mila kawula gesang ing salaminipun. PITAKONAN
“Nyata, Panjenengané kuwi Putraning Allah!” KUISPara maos kang kinasih,
Aku kabéh mbereg panjenengané supaya ngrampungaké bebarengan analiti Sang Kristus lan Injil Panjenengané kanthi mangkono panjenengan bisa nampa bandha kang langgeng. Aku sakonco ngenténi jawaban panjenengan lan ndedonga kanggo panjenengan. Alamatku: Waters of Life Internet: www.waters-of-life.net |