Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 226 (Are You Talented?)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
C - KUTBAHĚ SANG KRISTUS ANA ING GUNUNG ZAITUN (Matéus 24:1-25:46) -- KUMPULAN KEAPING ENEM SAKA PANGANDIKANÉ GUSTI YÉSUS
13. Pasemon Ngenani Talénta (Matéus 25:14-30)

a) Apa Panjenengan Kagungan Talénta? (Matéus 25:14-18)


MATÉUS 25:14-18
14 “Awit bab iku kayadené wong kang arep lelungan banjur ngundangi batur-baturé, padha dipasrahi barang darbeké, 15 kang siji diwenehi limang talénta, sijiné rong talénta, lan sijiné manéh satalénta, undha-usuk, tumuli mangkat. 16 Kang tampa limang talénta banjur lunga, dhuwite dilakokaké, temah oleh bathi limang talénta. 17 Batur kang tampa roh talénta iya nindakaké kang mangkono lan oleh bathi rong talénta. 18 Nanging batur kang tampa satalénta iku lunga ndudhuk lemah gawé luwangan, dhuwite bandarané dipendhem.
(Lukas 19:12-27, Rum 12:6)

Kita pirsani ing kené ana pasemon babagan talénta kang diwenehaké marang abdi telu. Iki nuduhaké yén kita kudu ada ing sajroning kahanan nyambut gawé lan mbudidaya, dikaya pasemon kang banget déning aji iki kang ngandhakaké yén kita uga kudu ana ing sajroning kahanan ngarep-arep. Kang kawitan nuduhaké marang kita pentingé cecawis kang terus-terusan; kapindho gegayutan anggon kita tegen lan leladi kita kanggo pagawéan lan leladen kita saiki. Ing sajroné kang kawitan, kita kasurung supaya nyawisaké jiwa kita, kang kaping pindho, kanggo nyawisaké dalan kanggo Gusti ing sajroné jiwa wong-wong liya.

Saben pribadi yaiku sawijining mujijat saka Gusti Allah, kang dititahaké dikaya gambar kang memper Panjenengané. Panjenengan anggoné dititahaké ora bisa dibandhingaké, panjenengan diparingi wewengan ing sajroné badan, pikiran lan jiwa panjenengan. Panjenengan wis diparingi akéh talénta lan ganjaran. Panjenengan ora kaya watu utawa uwit- panjenengan bisa obah kanthi merdika. Panjenengan ngrasakaké lara lan seneng. Apa panjenengan wis ngaturaké panuwun marang Gusti atas kabéh ganjaran kang diparingaké Panjenengané marang panjenengan? Luwih gampang ngajeni ganjaran Gusti Allah nalika panjenengan ngebayangaké nglakoni panguripan tanpa kabéh ganjaran iku. Kepiyé panjenengan ngajeni dedelengan panjenengan? Utawa pangrungon panjenengan? Panjenengan luwih sugih tinimbang karo kang panjenengan angen; panjenengan diberkahi. Kapan, sebanjuré, panjenengan arep sujud kanggo ngaturaké panuwun lan manembah marang Kang nitahaké panjenengan? Awit sing sapa ngaturaké panuwun marang Sang Rama Kasuwargan iku nindakaké dikaya kang dadi karsa Panjenengané. Sing sapa ngluhuraké Panjenengané atas ganjaran kang diparingaké marang dhéwéké bakal leladi Gusti Allah kanthi kabungahan. Wong-wng kang mentingaké awaké dhéwé ora duwé pikiran babagan Gusti Allah; nanging babagan kabecikané dhéwé, golék pikurmatan lan pengaji kanggo awaké dhéwé. Wong-wong kang ngaturaké panuwun, bakal ngaturaké panuwun lan leladi Gustiné kanthi sawutuhé kekuwatané ing sajroné patrap andhap asor lan sedherhana. Apa kang bakal panjenengan tindakaké kunjuk Gusti? Tujuan lan makna saka panguripan kita yaiku kanggo ngaturaken pujian marang Rama kasuwargan kita. Wong kang ora duwé rasa panuwun kanthi cara kasukman sejatiné mati kanthi cara kasukman lan atiné anyep. Ing sajroné atur panuwun marang Gusti, panjenengan nuduhaké kawicaksanan kasukman lan ati kang nresnani.

Telu abdi ing sajroné pasemon iki ora diparingi ganjaran kang padha, awit para abdi iku ora duwé kabisan kang padha. Gusti Allah iku pribadi kang merdika “..kang paring ganjaran marang sawiji-wijining wong dhéwé-dhéwé ing sakarsane” (I Korinta 12:11). Sawetara wong uga ana kang ditetepaké kanggo siji jinis leladi tartamtu, wong liyané jinis leladi kang beda, dikaya pérangan saka gegelitané badan dirancang kang gunané beda-beda. Kabéh wong, lan saben ganjaran kasukman uga talénta banget migunani ing sajroné leladi marang Sang Kristus; awit saka iku obah, nyambut gawé, lan leladi Gusti kanthi tangan, sikil, barang darbeké, wektu, lan dhuwit. Kabéh kang panjenengan duwéki bakal banget migunani kanggo leladi marang Gusti Allah lan manungsa. Nyuwun marang Kang Nitahaké panjenengan supaya mbangun panjenengan kanthi kawicaksanan kanthi mengkono panjenengan bisa leladi Panjenengané kanti cara kang luwi ngasilaké woh.

Papana kabéh ganjaran panjenengan ing ngarsané Rama kasuwargan panjenengan. Luhurna Panjenengané lan Panjenengané bakal nimbali panjenengan minangka jejeré Putra Panjenengané. Manawa panjenengan dana weweh marang wong-wong mlarat ing masyarakat panjenengan saka kasugihan ganjaran panjenengan, gusti Allah bakal nambahaké berkah kanggo panjenengan. Panjenengan ladeni Gusti kanthi ora duwé kesel ing ngomah, sekolah, ing pegawéan lan wektu kothong panjenengané lan panjenengan bakal dadi abdi kang setya lan binerkahan. Wong-wong kang mentingaké awaké dhéwé kang cekelan marang kabéh barang darbeké yaiku kaya botol kebak cuka, nanging abdi kang setya marang Gusti, kang ngaturaké sakabéhe, iku kaya botol parfum kang wangi. Praktekna, sebanjuré, pranatan kang dipratélakaké déning Rasul paulus, “..lan sadhengah apa kang koktindakaké iku tindakna kalawan terus ing batin kayadené kagem Gusti, ora kanggo manungsa” (Kolosé 3:23)

PANDONGA: Rama kasuwargan, kawula ngaturaken panuwun awit Paduka maringi kawula, saking kapenuhan Paduka, ganjaran mbaka ganjaran, lan sih rahmat mbaka sih rahmat. Sinten ta kawula? Kawula mboten pantes nampi rah lan berkah Paduka. Awit rah Sang Kristus, kawula diparingi kesagetan kanggo gesang ing ngarsa Paduka, lan ing sajroné panguwasa Roh Suci Paduka. Tulung supados gesang kawula saget kebak panuwun dhumateng Paduka. Lan tulung kawula kanggé ngedum berkah Paduka kaliyan sedhérék-sedhérék kang gesang ing sakiwa tengen kawula kanthi makaten sedhérék-sedhérék menika saget ndhérék cawe-cawe ing salebetipun kabingahan lan binerkahan ing ngarsa Paduka.

PITAKONAN

  1. Apa ta ganjaran kang diparingaké marang panjenengan?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 27, 2022, at 07:36 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)