Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 196 (The Great Commandment)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
A - PASULAYAN ING PEDALEMAN ALLAH (Matéus 21:1 - 22:46)

8. Paugeran kang Paling Utama (Matéus 22:34-40)


MATÉUS 22:34-40
34 Para wong Farisi bareng krungu, yén Gusti Yésus wis mbungkem cangkeme para wong Saduki, banjur padha nglumpuk. 35 Ana siji panunggalané wong-wong mau, yaiku ahli Torét, sing arep nyoba marang Panjenengané matur pitakon: 36 “Guru angger-angger ing salebetipun Torét punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?” 37 Paring wansulané Gusti Yésus: “Sira tresnaa marang Pangéran Allahira kalawan gumulonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira. 38 Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé. 39 Dené angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhéwé. 40 Kabéh isining Torét lan kitabe para nabi iku gumantung karo angger-angger loro mau.”
(Markus 12:28-31, Lukas 10:25-28, Rum 13:9-10)

Wong-wong Yahudi nyimpang saka sari patiné imané lan dadi luwih kadudut atiné marang prekara-prekara gegayutan karo Paugeran Musa. Wong-wong Yahudi pracaya yén awaké bisa nglegakaké Gusti Allah kanthi mbangun turut 613 prenatan. Kang dadi pungkasané anggoné mursid mung kaya angger waé supaya katon wong lan dadi njlimet. Wong-wong mau ora ngreti sari patiné paugeran awit pambobote awaké, lan wong-wong mau tambah adoh karo sari patiné iman.

Apa hakikat saka paugeran iku? Hakikate yaiku Gusti Allah piyambak, kang Mahasuci, kebak karo katresnan. Panjenengané iku hakikat kang sempurna lan patokan saka paugeran iku. Nabi Musa diparingi dhawuh Gusti Allah, “Mulané kowé padha sampurnaa, kaya Ramamu ing swarga iya sampurna.”(Matius 5:48). Sing sapa kang nggatekaké dhawuh iki kanthi premati bakal ngerti yén katresnané marang Gusti Allah lan pepadhané sejatiné banget dené ringkih. Kita ora nresnani Gusti sawutuhé ati, sawutuhé jiwa kita, lan kanthi sawutuhé pikiran kita. Kita uga ora nresnani pepadhané kita dikaya kuduné kita nresnani. Kita ora bisa nggayuh sih kawelasan lan kabecikan kaya kang dadi kagungané Gusti Allah ing sajroné kabisan kamanungsan kita, awit ora ana kasampurnan ing sajroné titah kaya kang dadi kagungané Kang Nitahake.

Sang Kristus waé sawijining Pribadi kang ngujudi dhawuh iki, awit Panjenengané iku Putra Ontang-anting Rama Panjenengané kang agung. Sawutuhé panguripan Panjenengan sawijining pratéla saka dhawuh kasampurnan ing sajroné katresnan lan kasucén. Kanthi pangandikan Panjenengané tumindak, séda lan wunguné Panjenengané Panjenengané mratélakaké katresnan marang Gusti Allah lan manungsa. Panjenengané nresnani Gusti Allah kanthi sawutuhé ati, jiwa pikiran lan kekuwatan Panjenengané lan Panjenengané nresnani kita wong-wong kang dosa dikaya Panjenengané nresnani sarira Panjenengané piyambak. Panjenengané nebus kita kanthi mangkono kita bisa dadi “para putra Allah lumantar diangkat”. Senajana katresnan kita ringkih, Panjenengané maringi kita panguasa ilahi lumantar keselametan saka Panjenengané supaya kita bisa nresnani dikaya Panjenengané kita. Nalika Sang Roh suci manunggal ing sajroné panguripan kita, Panjenengané mitulungi kita supaya nresnani Allah ora mung karo rerasan kita, nanging uga ing sajroné patrap leladi lan pangorbanan kita. Sang Roh Suci iku pérangan kita ing sajroné kasampurnan Allah. Panjenengané nuntun kita supaya nresnani Sang Juru selamet. Dikaya kang dingandikaaké Paulus, “Dené pangarep-arep iku mesti ora bakal ngapirani, awit sihé Gusti Allah wus kaesokaké ing ati kita déning Sang Roh suci, kang wus pinaringaké marang kita “ (Rum 5:5). Hakikat ilahi iki ngrubah kita saka patrap mentingaké awaké dhéwé lan dadi wong-wong kang nresnani. Sing sapa nresnani Gusti Allah kanghi gulongé ati, jiwa lan pikirané bakal nresnani manungsa uga, awit manungsa iku gambar Gusti Allah. Manawa kita ngaku nresnani Allah nangin ora nresnani pepadha, mula kita mung dadi wong kang goroh.

Kabéh pranatan kaujudi ing sajroné tembung, “Katresnan” (Rum 13:10). Pambangun turut kawiwitan kanthi rerasan lan ditindakaké ing sajroné semangat nresnani. Katresnan iku rerasan kang nuntun kita, kang ménéhi makna lan hakikat marang kabéh kang liya. Manungsa iku titah kang dititahaké kanggo nresnani. Katresnan ménéhi katrarangan lan kabungahan jiwa. Manawa kita lumaku ing sajroné dalam kang becik iki, kita bakal nemokaké kalegan.

Gusti Allah kapenuhan katresnan kang langgeng, kang ora owah ginsir. Dadi, Panjenengan maringaké Putra Panjenengané kang ontang-anting minangka gegenti nylametaké wong-wong dosa. Ayo kita uga nresnani wong-wong dosa sawetara nampik dosa kang ana ing sajroné awake. Sang Kristus nimbali panjennegan supaya patunggalan karo Rama kasuwargan Panjenengané kanthi mengkono panjenngan bakal dadi kuwat lan kebak karo katresnan Panjenengané. Panguwasa Panjenengan bakal nyegeraké kekuwatan panjenengané. Katresnan Panjenengané bakal nyucékaké katresnan panjenengané. Kawicaksanan Panjenengané bakal ngalimputi ati panjenengan kanthi kabungahan kanthi mengkono panguripan panjennegan bisa dadi panguripan kang kebak rasa syukur marang Gusti Allah.

Apa panjenengan nresnani gusti Allah? Manawa mengkono pinuji Panjenengané luhurna Panjenengané ladeni katresnan Panjenenané marang masyarakat ing sakiwa tengené panjenengan. Nyuwuna marang Panjenengané supaya maringaké panjenengan tekad, pangertén, lan panggraita kang landhep kanthi mangkono panjenengan bisa mraktekaké katresnan panjenengan. Manawa panjenengan mlebu ing sajroné dhawuh kanggo nrenani Gusti Allah lan manungsa, panjenengan bakal ndeleng yén Gusti Allah ngenténi panjenengan masrahaké ati, pikiran lan badan panjenengan marang Panjenengané. Manawa panjenengan masrahaké awak panjenengané sawutuhé marang Gusti Allah, ora bakal ana manéh wewengan kanggo mentingaké awaké dhéwé lan nresnani awaké dhéwé waé.

Kita kudu nresnani Panjenengané sawutuhe, “Sira tresnaa marang Pangéran Allahira kalawan gumulonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.” Akéh wong pracaya yén katelu pérangan iku sejatiné nyebutaké gegayutan prekara kang padha lan duwé siji makna waé: kanggo nresnani Panjenengané kanthi sawutuhé kekuwatan kita. Ana uga wong-wong kang ngedum prekara-prekara iku mengkéné: ati, jiwa, lan pikiran iku kekarepan, rerasan lan pangreten. Katresnan kita marang Gusti Allah kudu tulus. Katresnan iku dudu mung angger tembung-tembung ana lambe waé, kaya wong-wong kang kandha yén wong-wong mau nresnani Panjenengané nanging atiné ora cerak marang Panjenengané. Katresnan iku kudu sawijining katresnan kang terus terusan. Kita kudu nresnani Panjenengané kanthi katresnan sing dhuwur dhéwé. Kaya kita manembah Panjenengané mengkono uga kita nresnani Panjenengané kanthi kabéh kang ana ing sajroné awak kita (Jabur 103:1). Muga-muga Gusti maringi marang kita ati kang manunggal lan ora kapisah-pisah. Malah katresnan kita kang apik dhéwé uga durung cukup kanggo dipisusungaké marang Panjenengané. Awit saka iku, kabéh kekuatan jiwa kita kudu digayutaké karo Panjenengané lan diunderaké marang Panjenengané.

Ing sajroné hakikat tibané kita, kita mentingaké awak dhéwé lan gumunggung, nanging gusti paring dhawuh supaya kita rubah, nresnani wong-wong liya, nyirnakaké patrap mentingaké dhéwé. Panjenengané ngersakaké supaya kita anut patuladan Sang Krisus, kang masrahaké urip Panjenengané kanggo tebusan wong akéh.

PANDONGA: Rama kang suci, kawula nresnani Paduka awit Paduka kemawon ingkang suci. Paduka nitahaké kawula, lan Paduka nyucékaké kawula, lan njangkung kawula ngantos salaminipun. Kawula maturnuwun atas pangorbanan Putra Paduka ingkang séda supados kawula saget gesang. Kawula nresnani Paduka lan ngasoraké badan kawula ing salebetipun peladosan Paduka. Agem panggesangan kawula kanthi makaten kaluhuran sih rahmat Paduka badhé kawula luhuraken. Kawula nyuwun supados kasaénan saha sih kawelasan Paduka badhé nembus keluarga, sekolah lan sadaya pérangan panggesangan kawula. Paduka tulungi kawula supados nresnani mboten namung krana tembung-tembung nanging ing salebetipun tumindak lan ing salebetipun kayektosan.

PITAKONAN

  1. Kepiyé carané kita bisa temen-temen nresnani Gusti Allah lan manungsa?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 26, 2022, at 09:54 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)