Waters of LifeBiblical Studies in Multiple Languages |
|
Home Bible Treasures Afrikaans |
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba
Previous Lesson -- Next Lesson MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 4 - PELADOSAN PUNGKASANĚ GUSTI YĚSUS ING YĚRUSALĚM (Matéus 21:1 - 25:46)
A - PASULAYAN ING PEDALEMAN ALLAH (Matéus 21:1 - 22:46)
5. Gusti Yésus Paring Pasemon Cacah Papat (Matéus 21:28 - 22:14)
c) Pasemon Babagan Watu Kang Baku (Matéus 21:42-46)MATÉUS 21:42-46 Sakwisé nyethakaké pasemon gegayutan kebon anggur lan kang nggarap kang ala, Gusti Yésus njerokaké timbalan pamratobat marang para pemimpin lumantar pasemon gegayutan watu kang Baku. Watu kang baku duwé tugas makna kang beda: Watu iku yaiku watu kang nguwati pondosi, watu pojok kang atos, lan watu pungkasan ing nduwur palang , kang nyawijekaké kabéh watu-watu kang liyané. Kala-kala tukang makaping-kaping mbuwang watu iku, lan sebanjuré lagi nemokaké yén wati iku penting banget kanggo imbangé kabéh wangunané. Mengkono uga, para pinituwa bangsa iku terus terusan nampik Sang Kristus. Nanging Panjenengané pancen pondasi saka Prejanjian Anyar, makutho saka pedaleman Allah kang nyawijekaké kabéh watu-watu urip iku dadi siji nganggo panguwasa Panjenengané. Sing sapa nampik dadi watu urip ing sajroné wangunan Pedaleman Suci Prejanjian Anyar, bakal kesandhung déning Sang Kristus. Ing sajroné lakuné sejarah, akéh kang wis kesandung déning Sang Kristus lan tiba. Kang kesandhung mau dadi remuk lan ajur. Kabéh peradapan kang ora gelem nampa Sang Kristus bakal dijur déning Panjenengané. Gusti Yésus iku uga watu pengadhilan, kang ujug-ujug tiba saka payon marang wong-wong kang ora waspada. Gusti Yésus ngelingaké bakal njabel prasetya babagan Kratoning Allah saka wong-wong Yahudi lan maringaké marang wong-wong dudu Yahudi. Nalika para pemimpin bangsa iku krungu apa kang dadi pepelingké gusti iki, wong-wong mau dadi nesu banget lan mbudidaya nyekel Panjenengané. Nanging, wong akéh ngayomi Panjenengané awit wong akéh wis ngrasakaké panguwasa katresnan Panjenengané lan nyawisaké awaké mratobat lan pracaya. Para imam kepala lan wong-wong Farisi duwé panemu yén Panjenengané ngandikan gegayutan awaké lan wong-wong mau kandha (ayat 41), wong-wong mau wis maca pambobot kanggo awaké dhéwé. Telenging atiné kang luput ora prelu nampa pandakwan, lan kala-kala bisa dadi dalan gampangé abdi gusti kang banjur ngomong, “Kowé iku wonge”. Sawijining pari basan latin nyethakaké, “Genti waé jenenge, critané tetap babagan kowé”. Pangandikané Allah iki urip lan kuwat uga landhep lan duwé panguwasa kanggo misahaké kekarepan lan tujuwan ing sajroné atiné manungsa (Ibrani 4:12). Awit saka iki, gampang banget kanggo wong-wong kang dosa kang telenging atiné durung njendhel kanggo mikir yén prekara iku ngrembuk babagan awake. PANDONGA: Rama kasuwargan, Paduka apunten anggen kawula mboten mbangun turut lan mbalela, awit kawula lair minangka turunan kang awon, lan mboten ngaturaken dhumateng Paduka woh-woh katresnan Paduka ingkang murni. Kawonaken lan ribah kawula kanthi makaten kawula saget nebih saking raos sengit lan pangigit-igit, lan kalimputana kanthi sang Roh katresnan Paduka kanggé lelados Paduka kanthi kabingahan teras, kanthi makaten kawula mboten badhé kaukum awit nampik katresnan Paduka, lan mboten dipun sirnakaké ing wekdal rawuh Paduka ingkang mboten kawula mangertos. PITAKONAN
|