Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- Matthew - 169 (Parable of the Unforgiving Servant)
This page in: -- Arabic -- Armenian -- Azeri -- Bulgarian -- Chinese -- English -- French -- Georgian -- Hausa -- Hebrew -- Hungarian? -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Latin? -- Peul? -- Polish -- Russian -- Somali -- Spanish? -- Telugu -- Uzbek -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

MATÉUS - MRATOBATA, KRATONĚ SANG KRISTUS WIS CEDHAK!
Sinau saka Injil Kristus miturut Matéus
PĚRANGAN 2 - SANG KRISTUS MUCAL LAN LELADI ING GALILĚA (Matéus 5:1 - 18:35)
D - WONG-WONG YAHUDI KANG ORA PRACAYA LAN ANGGONÉ NDADEKAKÉ SATRU MARANG GUSTI YÉSUS (Matéus 11:2 - 18:35)
4. WEWATONAN KANG PRAKTIS NGENANI KRATONING ALLAH (Matéus 18:1-35) -- KUMPULAN KAPAPAT SAKA PANGANDIKANÉ SANG KRISTUS

e) Pasemon Babagan Abdi kang Ora Gelem Ngapurani (Matéus 18:23-35)


MATÉUS 18:23-27
23 Sabab Kratoning Swarga iku upamané kaya sawijining ratu kang karsa etang-etangan karo abdiné. 24 Bareng wiwit etang-etangan, ana siji kasebabaké kang duwé utang saleksa talenta. 25 Sarehné wong iku ora bisa ngesahi utange, Sang Nata banjur dhawuh, supaya wong iku dalah anak bojoné lan sakabéhé barang darbeké padha didoli kanggo nglunasi utange. 26 Abdi mau tumuli sumungkem sujud ana ing ngarsané Sang Prabu lan munjuk: Dhuh, Gusti, mugi wontena kasabaran dalem dhateng kawula, sadaya sambutan kawula badhé kawula lunas. 27 Sang Nata trenyuh ing galih marga saka welasé marang abdi iku, mulané abdiné banjur diluwar, utangi dililakake.
(Nehemia 5:5)

Sang Kristus nyethakaké marang kita dhawuh pangapura Panjenengané kang ora winates lan maringi marang kita conto babagan jejeré Sang nata kang maringi silihan marang abdiné kang gunggungé meh padha karo rong puluh yuta dolar utawa kira-kira satus wolung puluh milyar rupiah. Kita kabéh iku kaya abdi mau kang nampa akéh peparing, awit gusti Allah maringi akal budi, mripat, kuping, tangan lan kekarepan marang kita. Ing saben peparing iku ora bisa kaukur regané. Panjenengan iku saranané Gusti Allah atas kabéh peparing kang diparingaké ing sajroné badan, nyawa lan roh panjenengané. Malah keluwarga panjenengan, dhuwit, kekuwatan lan wektu panjenengan iku uga peparingé Gusti Allah, Sang Panjangkung iku, Kang peparing kabéh peparing kang becik. Awit iku panjenengan kudu tanggung jawab marang Panjenengané salawasé urip panjenengan.

Ing sajroné pasemon iki, Sang Kristus nuduhaké marang kita gambaran kang cetha gegayutan dina pangadilan kang bakal teka. Manawa kita ngurusi peparingé Gusti Allah kaya abdi kang ora maélu iku, kita ora bakal bisa mbalekaké manéh marang Gusti Allah, awit kita mung urip kanggo awak kita dhéwé, lan dudu kunjuk gusti Allah. Awit saka iku, dadaren kanthi premati kepiyé panjenengan nggunakaké ganjaran kasukman panjenengan. Apa panjenengan urip kunjuk Gusti Allah, utawa kanggo awak panjenengan dhéwé? Apa panjenengan leladi wong-wong kang mbutuhaké kaya kang didhawuhaké déning Sang Roh Suci, utawa mung keluwarga panjenengan dhéwé? Sing ngati-ati! Awit panjenengan bakal dijaluk jawaban kanggo kabéh detik kang dipitayaké Gusti Allah marang panjenengané. Panjenengan bakal ngadeg tinarbuka ing ngarsa Panjenengané nglahiraké kabéh kamlaratan lan gagaling kasukman panjenengan manawa panjenengan durung ngakoni dosa-dosa panjenengan ing ngarsané Gusti Allah.

Sang Nata netepaké yén abdiné kudu digawa menyang pengadilan lan paring dhawuh supaya abdi mau didol bebarengan karo anak bojoné nganti abdi mau nglunasi utange. Mengkono uga karo panjenengan. Panjenengan temtu bakal diparingi paukuman awit wis nyepelekaké anggoné leladi lan awit dosa-dosa kang ora kaetung akéhe. Panjenengan tanggung jawab ora mung marang wong-wong liya nanging atas keluwarga panjenengan uga.

Nalika abdi iku ngrumangsani paukumané dhéwéké sujud ing sampeyané Sang Nata, nyuwun sih kawelasan lan rahmat, lan ngakoni kaluputané lan anggoné ora mbangun turut. Kapan panjenengan uga gelem sujud ing ngarsané Gusti Allah lan nyuwun pangapura lan keslametan kanggo awak panjenengan dhéwé lan kanggo keluwarga panjenengan sadurungé tekané paukuman? Kapan panjenengan nyuwun pangapura saka Kang Maha Suci awit panjenengan wis nglakoni panguripan minangka abdi kang ora duwé welas asih iku? Gusti Allah bakal paring jawaban donga pamratobat panjenengan dina iki, lan bakal ngapura kabéh kaluputan panjenengan manawa panjenengan ngakoni. Sing sapa pracaya marang rahmat Gusti Allah kang gedhé bakal wanuh kayekténané kayu Salib. Wong-wong bakal ngerti yén Panjenengané kang disalib iku wis sawutuhé mbayar nganggo rah Panjenengané kabéh utang kasukmané. Minangka akibat saka sédané Sang Kristus, kita ngreti yén Gusti Allah wis sawutuhé ngapura kabéh dosa kita. Nyuwuna marang Panjenengané kanthi iman kanggo ngreti pangapura Panjenengané ing sajroné panguripan panjenengan, awit Panjenengané bakal dadi kang nebus panjenengan manawa panjenengan cekelan marang kayu salib.

PANDONGA: Rama kasuwargan, Paduka welasi kawula, tiyang-tiyang dosa kang pantes nampané bebendu Paduka. Paduka paring pangaksami anggen kawula cemer, apus-apus lan pangigit-igit kawula demi sédanipun putra Paduka. Paduka sucékaké kekajengan manah kawula. Kula ngaturaken panuwun awit Paduka sampun ngaputen sadaya dosa kawula lan nyucékaké kawula lumantar sédanipun Sang Kristus ingkang ngrukunaken kawula. Paduka mboten badhé paring paukuman dhumateng kawula nanging njangkung kawula ing salebetipun sih rahmat Paduka ngantos salaminipun.

PITAKONAN

  1. Apa sebabé lan kepiyé Sang Nata ora ngapurani abdi kang ora duwé welas asih iku?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on January 25, 2022, at 08:32 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)