Home
Links
Bible Versions
Contact
About us
Impressum
Site Map


WoL AUDIO
WoL CHILDREN


Bible Treasures
Doctrines of Bible
Key Bible Verses


Afrikaans
አማርኛ
عربي
Azərbaycanca
Bahasa Indones.
Basa Jawa
Basa Sunda
Baoulé
বাংলা
Български
Cebuano
Dagbani
Dan
Dioula
Deutsch
Ελληνικά
English
Ewe
Español
فارسی
Français
Gjuha shqipe
հայերեն
한국어
Hausa/هَوُسَا
עברית
हिन्दी
Igbo
ქართული
Kirundi
Kiswahili
Кыргызча
Lingála
മലയാളം
Mëranaw
မြန်မာဘာသာ
नेपाली
日本語
O‘zbek
Peul
Polski
Português
Русский
Srpski/Српски
Soomaaliga
தமிழ்
తెలుగు
ไทย
Tiếng Việt
Türkçe
Twi
Українська
اردو
Uyghur/ئۇيغۇرچه
Wolof
ייִדיש
Yorùbá
中文


ગુજરાતી
Latina
Magyar
Norsk

Home -- Javanese -- John - 075 (The Jewish council sentences Jesus to death)
This page in: -- Albanian -- Arabic -- Armenian -- Bengali -- Burmese -- Cebuano -- Chinese -- Dioula? -- English -- Farsi? -- French -- Georgian -- Greek -- Hausa -- Hindi -- Igbo -- Indonesian -- JAVANESE -- Kiswahili -- Kyrgyz -- Malayalam -- Peul -- Portuguese -- Russian -- Serbian -- Somali -- Spanish -- Tamil -- Telugu -- Thai -- Turkish -- Twi -- Urdu -- Uyghur? -- Uzbek -- Vietnamese -- Yiddish -- Yoruba

Previous Lesson -- Next Lesson

YOKANAN - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG
Wucalan ing salebetipun Injil Yokanan
PERANGAN 2 - PEPADHANG SUMUNAR ING SAJRONING PEPETENG (Yokanan 5:1 - 11:54)
C - ANGGONE TINDAK PUNGKASAN GUSTI YESUS MENYANG YERUSALEM (Yokanan 7:1 - 11:54) Irah-irahan: PISAH-PISAHANE ANTARA PETENG KARO PEPADHANG
4. Anggone tangi Lazarus lan akibate (Yokanan 10:40 - 11:54)

d) Makamah agama Yahudi netepake paukuman mati kanggo Gusti Yesus (Yokanan 11:45-54)


YOKANAN 11:45
45 Wong-wong Yahudi kang nglayad menyang ombahe Maryam lan meruhi pandamele Gusti Yesus mau, akeh kang manjing pracaya marang Panjenengane.

Lazarus tangi saka pati, sebanjure mangan, ngombe lan ngomong. Wong-wong ketemu karo dheweke ing kahanan urip ana ndalan lan ana ing omah. Akeh wong kang gumun gegayutan kaagungane gusti Yesus, lan pracaya yen Panjenengane iku sang Mesih, Putra saka Allah kang agesang. Kanthi mengkono mula gunggunge para murid tambah akeh, lan akeh wong kang teka ana ing omahe Maryam sakperlu ndeleng Gusti Yesus karo Lazarus.

YOKANAN 11:46-48
46 Nanging ana saweneh kang padha nemoni para wong Farisi, banjur martakake pandamele Gusti Yesus mau. 47 Para pangarepe imam lan para wong Farisi tumuli padha ngaturi marepat pradataning agama, banjur padha rembugan mangkene: “Punapa ingkang kedah kita tindakake, jalaran Tiyang punika damel mukjijat kathah? 48 Manawi makaten punika dipun uja, mesthi sadaya tiyang sami pitados, dhateng piyambakipun, sarta kita lajeng sami kalulrugan tiyang Rum sami ngerbat papan suci kita dalah sbangsa kita pisan,

Sawetara wong ing antarane kang ndeleng mujijat iku sebanjure padha lunga marani wong-wong Farisi ngabarake bab apa kang ditindakake gusti Yesus. Wong-wong iku durung gelem pracaya, lan gusti Yesus nyebutake wong-wong iku nalika Panjenengane mratelakaken pasemon gegayutan “wong kang sugih,” kang nalika samana Rama Abraham atur wangsulan: “Manawa ora padha ngungokake paseksene Nabi Musa lan para nabi liyane, mesthi iya ora kena dikandhani, sanadyan ana wong kang tangi saka ing antarane wong mati”. (Lukas 16:31). Sang Roh Allah ora bisa ngrubah ati kang athos kaya watu kang nampik pracaya marang gusti Yesus, sinadyana mukjijat kang ngedap-edapi wis dipratelakake ing ngarepe wong-wong mau.

Wong-wong farisi duwe daya pengaruh kang gedhe ing sajrone Makamah Agama. Daya pengaruhe gedhe banget nganti Imam Agung pisan nuruti apa kang dadi pepinginane wong-wong Farisi iki. Pitung puluh anggota diajak ngrembug gegayutan prekara iki. Wong-wong Saduki, kang nampik anane patangen, kanthi senenging ati nampani uleman patemon Makamah Agama iki. Para anggotane ora bisa gawe putusan lan dadi bingung, awit gusti Yesus ora nindakaken dosa apa-apa kang bisa dadi jalaran Panjenengane dicekel. Nanging nalika iku pancen dumadi kebangunan rohani Kristen ing antarane wong akeh sadurunge dina riyaya Paskah, nalika puluhan ewu wong ziarah menyang ibukota. Ing sajrone pirembugan sebanjure dumadi, anggota Makamah iku nyebutaken yen gusti Yesus mung manungsa lumrah, malah ana sing nyebutake yen gusti Yesus iku dudu abdine Allah utawa salah siji saka nabi. Sinadyana wong-wong kuwi duwe patrap nampik Panjenengane mengkene, nanging wong-wong iku ora bisa ngilangi mujijat kan elok kang wis ditindakake Gusti Yesus.

Ing sajroning anggota Makamah Agama iku sidang, ana rasa wedi kang ngalimputi, aja-aja mengkone panguwasa kekaisaran malah bakal ngreti prekara iki lan sebanjure njupuk panguwasana Makamah Agama. Kumpulan wong akeh ana ing papan kang dumadi mujijat iku bakal dadi jalaran timbule pambalela marang negara. Menawi wis dumadi kaya mengkono, mula panguwasana Romawi bakal nutup Pedaleman Allah, papan anane Allah. Sebanjure pelayanan ing sajroning pedaleman Allah bakal mandheg, semono uga ibadah korban, dona lan berkah-berkah.

YOKANAN 11:49-52
49 Nanging sawijining panunggalane, iya iku kang asma Kayafas, kang jumeneng imam agung ing tahun iku, banjur ngandika: “Panjenengan kok sami boten mangertos punapa-punapa, 50 lan boten sami nggalih bilih langkung maedahi tumrap panjenengan, manawi wonten tiyang satunggal pejah kangge tiyang kathah, tinimbang tiyang sabangsa sadaya tiwas”. 51 Anadene pangandika kang mangkono iku ora tumuwuh ssaka panggalihe piyambak, nanging marga jumeneng imam agung ing tahun iku, dadine medhaar pameca, yen Gusti Yesus bakal nglampahi seda kanggo bangsa iku, 52 lan ora ngemungake kanggo bangsa iku bae, malah uga supaya putraning Allah kang pating slebar padha dikumpulna dadi siji.

Nalika ing pirembugan ing Makamah Agama iku tambah bingung lan kisruh, Imam Agung Kayafas ngadeg, lan sebanjure wiwit nyerang para pemimpin bangsa iku, kanthi ndakwa yen wong-wong ora ngerti lan ora mikir jero. Imam Agung duwe hak kandha apa kang kudu dikandhakake, awit Imam Agung iku ketua saka Makamah Agama manut tanggung jawabe minangka jejere Imam Agung. Imam Agung wis dijebati nganggo lenga, kang dadi lambang kasucen, nanging dheweke sabenere si anti Kristus. Imam Agung kudune wong kang kapenuhan sang Roh suci, awit gusti Allah bakal ngandikan lumantara dheweke minangka pemimpin bansa. Nanging dheweke malah anut dalan kang luput lan nurut karepe dhewe. Ing sajroning kalungguhane kang kudune mapanake awake dadi nabi awit pancen kalungguhane minangka jejere Imam Agung, dheweke nyethakake kabeh wong kang ana ing kono kaya wong kang ora ngerti apa-apa.

Patrap “roh kang nggetuni” kang nggunakake Kayafas iki dipratelakake awit Iblis anggone nglahirake karepe lumantar dheweke, kang katon kaya lagi nindakake karsane Gusti Allah, nanging sabenere ing sajroning tumindake lelawanan karo kersane Gusti Allah. Ora perlu mangu-mangu maneh, pancen luwih bacik banget kanggo cempening Allah iku yen mati kanggo wong-wong iku, kanthi mangkono wong-wong iu bisa uwal saka bebendune Allah lan nampani urip kang langgeng. Nanging kang dadi juru wicarane Iblis iku kandha kang dilandhesi alesan kang asipat politik, “KarebenYesus mati kanggo nguwalake kita saka kanepsone Romawi”. Kanthi gagasan kang banget ala iki malah pangandikane sang Kristus bakal dibenerake, yen si pangawak dursila iku sabenere ya Bapa kasukmane wong Yahudi, awit dheweke iku wong kang ngapusi lan Bapa saka kabeh kang apus-apus.

Ing sajroning jiwa kang dikuwasani dening si pangawak dursila iki, Yokanan ndeleng yen Kayafas mratelakake tujuan kang banget dening ala, kang sabenere ngandhut kayekten kang asifat ilahi. Kayafas kudu nyethakake patine gusti Yeus minangka cara merdikaake kabeh, tanpa eling gegayutane kang luwih dhuwur saka tembung-tembung kang banget ngandhut “kaprabawan” iku. Wong-wong kang ora ngerti kang ora gelem mikir dawa kaya Kayafas, awit dheweke ora gelem pracaya marang Yesus, sinadyana Sang Roh suci wis nuntun dheweke supaya ngandhakake sawijining tembung gegayutan patine Sang Kristus kang dadi penebus. Dheweke gagal nyakep makna saka tembunge dhewe, awit dheweke sebenere duwe karep kang kosok baline.

Yokanan, kang nulir Injil, nyawang makna saka pratela iki ing sajroning pikiran kang banget dening jembar yaiku keselametan kanggo jagat. Gusti Yesus ora seda kangge nebus dosa-dosa bangsane wae, nanging uga kanggo kabeh wong pracaya saka bangsa-bangsa. Kabeh wong kang pracaya marang Panjenengane yaiku para putra Allah, awit lumantar keyakinane marang sang Juru selamet bakal nampani urip langgeng kanthi kabaeh kekuatan lan kabisane.

Tujuan saka iman kita ora mung kanggo keselametan pribadi kita wae, nanging kanggo kamunggalane kabeh putra Allah supaya dadi siji ing sajroning sang Kristus. Katresnan Panjenengane iku pralambang lan panguwasa ing sajroning kekristenan. Asma Panjenengane kang manunggalake kabeh pandhereke. Ing saben-saben wong kang pracaya gegayutan karo punjere, tegese wong-wong pracaya uga lagi katalenan antarane siji lan sijine. Ayo kita bangun lan enggal-enggal sowan Panjenengane, supaya nemokake yen kita iku padha-padha sedulur iya sing lanang lan sing wadon ing sajroning keluarga Allah, kang luwih cedhak dibanding karo sesambungan keluarga donya.

YOKANAN 11:53-54
53 Wiwit ing dina iku para warganing pradata mau padha sarujuk bakal nyedani Gusti Yesus. 54 Marga saka iku Gusti Yesus wus ora ngdeheng maneh ana ing antarane wong-wong Yahudi, sarta banjur tedhak saka ing kono menyang tanah sacedhake pasamunan njujuk ing kutha kang aran Efraim, banjur lereb ana ing kono karo para sakabate.

Sawetara anggota saka Makamah Agama kaget banget gegayutan tembunge Kayafas kang keras iku, awit sawetaroa anggota Makamah Agama iku ana rasa marang gusti Yesus, nanging akeh-akeh ing antarane anggota Makamah Agama iku seneng banget karo patrape Kayafas, awit panganggepe gusti Allah wis ngandikan lumantar Kayafas supaya nibakake paukuman kanggo wong kang nyasarake bangsa, kanthi mengkono Kayafas wis nylametake bangsa iku. Kanthi mupakat, Makamah Agama nampa putusan paukuman iku, lan nyarujuki pituduhe Kayafas supaya nibakake paukuman pati marang gusti Yesus. Lan kasunyatane, sawetara saka anggota Makamah Agama kang ana, yaiku wong-wong kang luwih bener, protes, nanging ora ana kang nggatekake. Kayafas kang sugih akal iku wis nyasarake anggota Makamah agama marang rancangan kanggo nyirnakake gusti Yesus, lan anggone nindakake prekara iku kanthi sesideman; nyingkiri gegere wong akeh.

Gusti Yesus krungu bab pasekuton iki, lan wis pirsa gegayutan prekara iku alandesan wawasan ilahi. Panjenengane ninggalake laladan panguwasana Makamah agama, lan tindak menyang laladang ngare ing kali Yarden sisih wetan Nablus, ngenteni ing kana bebarengan karo para murid tekane pangorbanan lan patangen Panjenengane.

Peperangan mengkene iki cetha banget. Bebantahan Panjenengane karo para Imam wiwi lelakon nyucekake Pedalamen Allah, lan uga bebarengan lelawanan Panjenengane karo para wong kang menembah Paugeran torat, lelakon nyarasake ing dino Sabat, saiki wis tekan ndadi-ndadine gegayutan lelakon tangine Lazarus. Awit para pemimpin bangsa iku gawe putusan supaya langsung mateni wong kang nindakake kabeh iku.

Pepadhang sumunar ing sajroning pepeteng, lan pepeteng ora bisa nguwasani pepadhang iku.

Sedulur kang kinasih, apa panjenengan wis ndeleng yen Sang Kristus pepadhang iku? Apa Injil Panjenengane wis madhangi pikiran panjenengan lan nganyarake ati panjenengan? Apa panguripan langgeng saka Panjenengane wis nekani panjenengan, apa sang Roh Panjenengane wis nuntun panjenengan marang pamratobat lan ndadekake panjenengan ngakoni dosa-dosa panjenengan, lan nyipto iman ing sajroning badan panjenengan supaya amberkahi lan andadekake panjenengan suci? Panjenengan buka badan panjenengan supaya Sang Roh Kristus nuntun panjenengan, panjenengan pasrahake urip panjenengan lan mangsa tembe panjenengan marang Panjenengane, kanthi mengkono panjenengan ora kepekso sarujuk karo para satrue gusti Yesus ing sajrone pambobote marang Panjenengane. Nanging, dadia siji karo para murid Panjenengan, lan tepung karo Kang Maha Suci, kanthi mengkono panjenengan bisa ngakoni, “Kula sami sampun ningali kaluhuran Paduka, kaluhuran minangka jejeripun sang putra tunggal Sang Rama, kebak sih rahmat lan kayektosan”

PANDONGA: Gusti Yesus Kristus, maturnuwun awit mboten nampik kayektosan ing salebetipun mangsa-mangsa kasisahan; Paduka kangge selami-laminipun ngluhuraken Rama Paduka ingkang wonten ing kasuwargan. Apunten iman kawula ingkang ringkih lan ingkang nyepelekake. Paduka tuntun kawula dhumateng patunggilan Paduka kaliyan Sang Rama, supados nglampahi gesang langgeng lan ngladosi Paduka tanpa mandheg. Paduka tampi gesang kawula supados dado pujian kangg sih rahmat Paduka ingkang kebak kamulyan.

PITAKONAN:

  1. Kenapa Makamah Agama Yahudi mbudidaya nyirnakake gusti Yesus?

www.Waters-of-Life.net

Page last modified on March 09, 2020, at 11:19 AM | powered by PmWiki (pmwiki-2.3.3)